Degradasi moral.
Apa ce maksud dari kata2 itu??
menurut pendapat saya pribadi, degradasi moral adalah penurunan kwalitas moral atau bisa disebut secara mudah adalah perilaku atau juga tingkah laku.saya mengalami sendiri degradasi moral dan bahkan saya alami sendiri.
sebagai contoh kecil saja, saya saat ini adalah seorang guru, tentu saja saya pernah mengalami masa sekolah.Dulu jaman saya masi sekolah, terhadap guru disekolah saya dan teman-teman saya masi sangat menghormati guru bahkan takut apalagi dengan guru yang "killer" (istilah anak muda sekarang). Tidak masuk sekolah sehari rasanya sangat sayang karna merasa takut ketinggalan materi pelajaran dan pastinya merasa Rugi melewatkan hari-hari yang menyenangkan bersama kawan2.
namun yang saya perhatikan sekarang adalah justru kebalikannya. Murid yang saya ajar disekolah,malah seperti senang tak masuk sekolah hanya untuk nongkrong atau hura-hura.rasa hormat pada guru pun sepertinya sudah menurun. berbicara degan guru hanya menggunakan bahasa sehari-hari, yang aya perhatikan nbahasa tersebut byasa digunakan dengan teman sebaya. Saya sebagai orang jawa, merasa prihatin. karena dalam kebudayaan jawa sudah sangat jelas dibedakan antara penggunaan bahasa untuk orang yang lebih tua ataupun bahasa untuk teman sebaya.Namaun kenyataannya memang jauh dari harapan, degradasi moral sekelas bahasa saja sudah sangat terlihat dan bahkan saya alami sendiri.
Semoga saja saya beserta para pembaca blog ini bisa menyumbangkan cara agar moral bisa diperbaiki, atau setidaknya menghentikan kemerosotannya. :)
selamat datang di Blog Eva Gupita Sari
Rabu, 29 Februari 2012
Polteng(polisi ganteng)
POLISI GANTENG...
fenomena berita dan infotainment saat ini.
dialah saiful Bachrie, bripda polisi Bandung yang sedang "in" dikalangan masyarakat luas. Dengan modal tampang yang lumayan dan statusnya sebagai polisi membuat namanya melambung dari kalangan ABG,remaja, dewasa, orangtua hingga kaum selebriti tanah air.
yaaaaa,,,inilah Indonesia. Negara kita yang sedang tertimpa banyak sekali maslah sosial namun ternyata disela selanya masi saja sibuk mengurusi hal-hal yang menurut saya kurang pantas bahkan kurang penting. belum lama ini kita tengah sibuk memperbincangkan kematian lady pop dunia witney huston yang dikabarkan meninggal karna over dosis. Belum lekang pula rasanya ada seorang polisi yang terkenal dengan joged indianya Chaiya-chaiya.huuuuuftt,,,,
Menurut pribadi saya, alangkah baiknya bila kita arif dalam menanggapi fenomena-fenomena seperti ini. Akan lebih bermakna pula bila kita sama-sama berkontribusi, menyumbangkan ide dan pikiran bahkan tenaga kita untuk sedikitnya membantu memecahkan masalah sosial disekitar kita.
Indonesia,,ariflah :)
fenomena berita dan infotainment saat ini.
dialah saiful Bachrie, bripda polisi Bandung yang sedang "in" dikalangan masyarakat luas. Dengan modal tampang yang lumayan dan statusnya sebagai polisi membuat namanya melambung dari kalangan ABG,remaja, dewasa, orangtua hingga kaum selebriti tanah air.
yaaaaa,,,inilah Indonesia. Negara kita yang sedang tertimpa banyak sekali maslah sosial namun ternyata disela selanya masi saja sibuk mengurusi hal-hal yang menurut saya kurang pantas bahkan kurang penting. belum lama ini kita tengah sibuk memperbincangkan kematian lady pop dunia witney huston yang dikabarkan meninggal karna over dosis. Belum lekang pula rasanya ada seorang polisi yang terkenal dengan joged indianya Chaiya-chaiya.huuuuuftt,,,,
Menurut pribadi saya, alangkah baiknya bila kita arif dalam menanggapi fenomena-fenomena seperti ini. Akan lebih bermakna pula bila kita sama-sama berkontribusi, menyumbangkan ide dan pikiran bahkan tenaga kita untuk sedikitnya membantu memecahkan masalah sosial disekitar kita.
Indonesia,,ariflah :)
PIDATO BAHASA JAWA
Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan.
Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi.
Para kanca, siswa-siswi ingkang kula tresnani.
Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken syukur dhu-mateng
Gusti Mahakwasa ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun. Kita sadaya
taksih saged kempal manunggal kanthi tentrem, bagas, waras, kebak ing kabagyan
salebetipun pahargyan pengetan dinten Kartini samang-ke punika.
Pangetan dinten Kartini wigatos sanget tumrap kula
panjenengan sadaya. R.A. Kartini pindhanipun sekar ingkang tansah mbabar
angambar ganda arum ing bangsa Indonesia. Panjenenganipun punika pangarsa tumrap
wanita ingkang karyanipun mligi kangge majengipun wanita wiwit duk rikala
bangsa Indonesia taksih dipuncengkerem dening bangsa penjajah.
Labuh lebetipun R.A. Kartini saestu luhur sanget tumrap
kaum wanita. Langkung-langkung ing wekdal sapunika ingkang taksih kedah meres
penggalih kangge majengipun bangsa. Panyengkuyungipun para wanita boten saged
dipunremehaken, malah kepara langkung bobotipun tumrap pembangunan majengipun
bangsa punika.
Pancen sampun dipundokrataken para wanita saha limrah
nggadahi raos ingkang kalangkung alus. Sanadyan makaten geget ing manah tansah
makantar pindha waja ngudi kautaman. Sadaya punika inggih awit saking
pangaribawanipun lelabetanipun Ibu Kartini ingkang sampun tumanem ngrembaka ing
mahanipun wanita Indonesia.
Sampun cetha ing panggesangipun bangsa kathah wanita
ingkang saged kiprah kadi dene para priya ing babagan warna-warni. Ingkang
makaten punika saestu saged damel mongkoging manah.
Kanti makaten punika sumangga kadang-kadang putri sami
saged nglajengaken gegayuhan tuwin lelabetanipun Ibu Kartini ingkang luhur
punika. Ingkang boten kenging dipunlirwakaken inggih punika tansah ngudi
jatidhirinipun putri Indonesia. Putri Indonesia ingkang prasaja, mrantasi
sadhengah karya.
Semanten saha makaten atur kula. Mugi sami kepareng maringi
pangapunten tumrap sadaya kekirangan lan kelepatan kula.
السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِيْ اَنْعَمَنَا بِالْحُرِّ يَةِ وَحْدَهُ.
وَالَّذِيْ صَدَقَ و عْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ
اْلاَحْزَمَ اْلاَحْزَابَ وَحْدَهُ. وَالصَّلاَ ةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِ نَا
مُحَمَّدٍ لاَ نَبِيَ بَعْدَهُ. وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَا بِهِ وَمَنْ تَبِعَ
رُشْدَهُ أمّا بعد.
Poro Bapak, Poro Ibu sederek-sederek, sebangsa lan
setanah air, ingkang kulo hormati !
Langkung rumien monggo kulo lan panjenengan sedoyo
samiho nglahiraken raos puji syukur dateng ngarsanipun Alloh SWT, ingkang
sampun paring Rohmat, Taufik soho Hidayah dateng kulo lan panjenengan sedoyo,
sehinggo wonten ing majelis puniko, dalam rangka memeriahkan Peringatan dinten
ulang tahun Proklamasi Kemerdekaan Republik Indonesia ingkang kaping 49
mugi-mugi kerawuhan kulo lan panjenengan meniko dipun catat dening Alloh SWT.
Minongko dados amal soleh kulo lan panjenengan Amin.
Ingkang kaping kalih mugio tambahipun Rohmat lan
salam bahagia Alloh tetep dipun limpahaken dateng junjungan kito Nabi Besar
Muhammad SAW, soho poro ahli keluarga lan sahabatipun.
Kaping tigonipun kulo matur nuwun dateng sederek
pembagi acara ingkang sampun paring wekdal dateng kito kangge mengisi
wontenipun acara meniko mugi-mugi wekdal meniko saget kulo ginaaken ingkang sak
sahe-sahenipun.
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Alloh SWT sampun paring nikmat dateng poro
kawulonipun meniko sampun katah sanget, sehinggo ngantos mboten saget kito
itung. Dawuhipun Alloh wonten Al-Qur’an
وَ اِنْ تَعُدُّوا نِغْمَةَ اللهِ لاَ تُحْصُوْ هَا
Ingkang
artosipun :
“Lan lamun siro ngitung
marang nikmate Alloh, mongko siro ora biso ngitung“
Poro Rawuh ! Dene termasuk salah setunggalipun
nikmatipun Alloh ingkang ageng dipun parengaken kito bongso Indonesia, Inggih
meniko nikmat kemerdekaan ingkang dipun proklamiraken tanggal 17 Agustus 1945,
ngantos dinten meniko kito peringati.
Poro Rawuh ingkang kulo hormati !
Menawi kito ngemut-ngemut sejarah Bangsa Indonesia
sakderengipun merdeka, meniko pinten-pinten tahun dipun jajah dening bangsa
Asing. Inggih meniko dipun jajah dening Belanda lan Jepang ngantos
pinten-pinten tahun Rakyat Indonesia hidup dibawah cengkraman kaum penjajah.
Rakyat Indonesia mboten anggadahi kebebasan, bahkan selalu di tindas lan dipun
aniayaya dening bangsa asing. Sehinggo berkat sifat Rohman Rohim Alloh SWT, lan
ugi kanti semangat perjuanganipun Poro Pahlawan lan poro Pejuang Bangsa
Indonesia ingkang giat lan gigih, berani, pantang mundur, para Pejuang kito
saget ngalahaken poro kaum penjajah sehinggo tepat tanggal 17 Agustus 1945,
Bangsa Indonesia memproklamasikan dinten Kemerdekaan Republik Indonesia.
Poro Rawuh Ingkang kulo hormati !
Pramilo kito kedah bersyukur dateng Alloh SWT
ingkang sampun pareng nikmat Rupi kemerdekaan meniko. Supados Negri kito
Indonesia tansah dipun paringi berkah dening Alloh. Dipun paringi aman, damai,
gemah ripah loh jinawi, toto tentrem kerto raharjo, adil makmur penuh ampunan,
lan Ridho Alloh.
Kranten
Alloh sampun berjanji wonten Al-Qur’an surat Ibrahim ayat 7
لَئِنْ شَكَرْ تُمْ لاَءَ زِيْدَ نَّكُمْ وَلَئِنْ كَفَرْتُمْ إِنَّ
عَذَا بِى لَشَدِيْدٌ
Ingkang
Artosipun :
“Demi yekti lamun podo
gelem syukur siro kabeh marang nikmat-Ku, mangko Ingsun nambahi nikmat maring
siro kabeh. Lan yekti lamu siro kufur maring nikmat-Ku, mangko saktemene
sikso-Ku iku banget …….”
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Kejawi sangking meniko, kito ugi kedah matur nuwun
dumateng poro pahlawan lan poro pejuang ingkang sampun jerih payah, rela
ngorbananek jiwa rogo, harta benda kangge merebut Kemerdekaan Meniko, pramilo
wonten ing kesempatan sahe niki monggo sejenak kito panjataken doa mugi sedoyo
para pahlawan lan poro pejuang ingkang sampun sukses merebut kemrdekaan Negeri
Republik Indonesia, meniko selalu dipun bales dening Alloh, dipun trami
jasa-jasanipun, lan dipun dadosna amal sholehipun, ingkang berjuang wonten
akhirat dipun paringi berkat soho kejembaran wonten ngersanipun Alloh SWT.
Amin-amin yaa Rabbal alamin.
Poro Rawuh ingkang kulo hormat !
Sak meniko kito termasuk generasi penerus pewaris
kemerdekaan Pramilo kito berkewajiban nerusaken perjuangan poro pejuang ingkang
rumiyin. Shoho memelihara lan melestarikan kesejahteraan Negeri Indonesia
meniko. Sampun ngantos nikmat kemerdekaan ingkang meniko kito sia-siakan kanti
ngawontenaken pesta pora, lan hura-hura ingkang boten berarti, tanpa
ngawontenaken amalan-amalan ingkang beto kemanfaatan lan kemaslahayan Negara.
Sebab kemerdekaan meniko boten semata-mata hadiah saking bangsa asing ingkang
diberikan kanti cuma-Cuma, meniko boten. Tapi berkah jasa-jasa poro pejuang
ingkang sampun rumiyin. Pramilo sepindah maleh kito ugi kedah mengisi
kemerdekaan kanti menanamkan jasa kangge tiang-tiang ingkang bade dateng, utawi
kangge generasi kita mangke. Hal meniko cocok kalian dawuhipun Ulama rumiyin…..
لَقَدْ غَرَسُوْا فَاءَ كَلْنَا وَإِنَّنَا لَنَغْرِسُ حَتَّى يَأْ
كُلَ النَّاسُ بَعْدَ نَا
Ingkang
Artosipun :
“Yekti wongkang dingin wes
podo nandur jasa lan kito sing ngrasa’ake marang jasa lan sa’temene kito ugo
kudu anandur jasa supoyo wong-wong kangsakwusi kito biso mangan jasa kito.
Poro Rawuh ingkang kulo hormati !
Ingkang terakhir monggo, putro-putri kito sedoyo,
kito didik ingkang sahe lan kito arahaken dumateng perkaws ingkang sahe,
supados mangke saget dados generasi-generasi penerus ingkang bertanggung jawab
dateng kemajuan agama. Bangsa lan Negoro AMin yaa Rabbal alamin.
Kintenipun cekap semanten atur saking kulo.
Mugi-mugi saget bermanfaat dumateng pribadi kawulo khususipun, lan umumipun
dateng panjenengan sedoyo.
Masang pulut ning duwur cemoro
Menawi luput kulo nyuwun ngapuro
و بالله التو فيق و الهداية
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
بخط الفقير مفرو حين
بن منوّ ر الجفسى
السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
اَلْحَمْدُ لله الذى اَنْعَمَ عَلَيْنَا بِنِعْمَةِ اْلاِيْمَانِ
وَاْلاِسْلاَمِ. وَاَوْ جَبَّ عَلَيْنَا بِالصَّلاَةِ وَالصَّيَامِ. وَأَمَرَ نَا
بِالاِّ تِّحَادِ وَصِلَةِ ا ْلاَرْحَامِ. وَالصَّلاَ ةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى
سَيِّدِ نَا مُحَمَّدٍ خَيْرِ ا ْلاَنَامِ. وَعَلَى اَلِهِ واَصْحَا بِهِ
الْكِرَامِ. أ مّا بعد. مِنَ الْعَائِدِيْنَ وَالْفَا ئِزِيْنَ تَقَبَّلَ اللهُ
مِنَّ وَمِنْكُمْ اَجْمَعِيْنَ.
Poro Bapak, Poro Ibu, hadirin sekalian ingkang kulo
hormati !
Langkung rumiyin kulo muji syukur Alhamdulillah
dateng Alloh SWT, ingkang sampun paring Rohmat shoho ni’mat, sehingga kulo lan
panjenengan saget pepanggihan wonten meniko majlis, dalam rangka
“bersilaturrohim”, utawi resepsi “Halal bi halal” kanti keadaan sehat wal
afiat, sami ugi sehat lahiriah, utawi batiniyah.
Kaping kalihipun Rohmat Ta’dzim dan salam bahagia
Alloh, mugio tetep dipun limpahaken dateng kanjeng Nabi Muhammad SAW, shoho
poro ahli keluarga lan sahabatipun.
Poro Bapak, poro Ibu, Hadirin sekalian !
Wonten ing saat meniko kito sampun manggihi wulan
syawal malih. Kranten wonten ing wulan sakderengipun yakni wonten ing wulan
Romadhon kito sampun sukses nindakaken ibadah puasa sebulan penuh. Kanti
menambah amalan-amalan ibadah lintunipun kados dene sholat tarowih, tadarus
Al-Qur’an lan sanesipun. Lan ugi wonten akhiripun wulan Romadhon kita tutup
mawi Zakat Fitrah kanti harapan kulo mugi-mugi nopo ingkang kito laksanakaken
wonten ing wulan Romadhon kolo wahu minongko dados amal ingkah sholeh. Ingkang
mbuahaken amalan-amalan ingkang sahe wonten wulan-wulan sakterusipun, sehinggo
saget ndadosaken fitrah utawi lambang kesucian, wonten ing manah kito sedoyo.
Poro Rawuh ingkang kulo hormat !
Kranten hikmah nindaaken ibadah poso meniko
disamping kito ninda’aken perintahipun Allah SWT kanti ngeker hawa nafsu wonten
ing siangipun wulan Romadhon, meniko ugi kito saget ngraosaken betapa sedih lan
gelisahipun si Fakir-Miskin ingkang wonten ing saben dintenipun selalu ditimpa kekurangan
dahar, ngunjuk, shoho keluhan lan kelemahan tenogo, ingkang akhiripun kito
timbul roso belas kasihan kito dateng Fakir Miskin, sehinggo kito purun
nafkahaken sebagian harta benda kito kangge shodaqoh dateng Fakir-Miskin kolo
wahu.
Poro hadirin ingkang kulo hormati ! menawi kito
mboeten purun nglampahi ibadah puoso, berarti kito meniko gesang nuruti kemauan
howo nafsu lan kemauan weteng utawi dados Abdul butun alias hamba perut, selalu
dikuasi Howo Nafsu. Setiap hari selalu dalam pemborosan, mangan ngumbe sak
katahipun, selalu berlebih-lebihan, melampauai batas tanpa mengukur
kekuatanipun. Padahal, Alloh dawuh wonten Al-Qur’an :
كُلُوْ وَاشْرَبُوْا وَلاَ تُسْرِ فُوْا إِنَّ الله لاَ يُحِبُّ
الْمُشْرِفِيْنَ
Ingkang
artosipun :
“Mangano
siro kabeh lan ngumbiho. Lan ojo ngliwati bates. Saktemen Alloh ikut ora demen
marang wong kang ngliwati bates“
Poro Bapak, poro Ibu, hadirin sekalian !
Sak meniko sampun dugi wulan syawal, wulan ingkang
penuh dipun rameaken lan dipun meriahaken dening sedoyo umat Islam. Kranten ing
wulan menikolah saat meledakipun kegembiraan ingkang penuh harapan menuju
kearah hidup baru gesang ingkang langkung sahe, katimbang wulan ingkang
berlalu.
Pramilo monggo kesempatan wulan syawal meniko kito
ginaaken kangge bersilaturrohim, mempererat tali persaudaraan antara keluarga,
famili, konco-konco lan sanak, shoho sederek seagomo lan seperjuangan. Mungkin
wonten ing saat-saat ingkang berlalu terjadi kesalahan-kesalana utawi sering
melakukan hal-hal ingkang mboten nyekecoaken manah. Sering timbul rasa iri,
dengki, buruk sangka, mangkel-mangkelan lan sanesipun.
Pramilo saat meniko kito bucal, kito lenyapaken
mawi berjabatan tangan, kito isi kanti halal bihalal, saling maaf memaafkan
lahir lan batin.
Monggo kito ndugeni, kito panggihi sanak keluarga,
sahabat karib, tiyang sepuh kito, guru-guru kito, kanti bersilaturahim, supados
gesang kito meniko angsal berkah sangking Alloh SWT. Kanjeng Nabi sampun dawuh
:
مَنْ أَحَبَّ أَنْ يُبْسَطَ لَهُ فِى رِزْقِهِ وَيُنْسَاءَ لَهُ فِى
أَثَرِهِ فَلْيَصِلْ رَحِمَهُ
Artosipun
:
“Sing sopo wonge pengin
diluasne rizkine, lan didawakne (di berkahi) umure, mongko becik silaturrohmi
(nyambung sanak sedulure)”
Poro Bapak, Poro Ibu hadirin sekalian !
Dados wal hasil wonten ing kesempatan wulan Syawal
meniko, monggo kito tingkataken mutu pendidikan lan praktek, utawi mewujudkan
sedoyo amal ingkang saget mbeto bahagia, sejahtera wonten ing duniyo lan
akhirat. Mengingat kata penyair :
إِذَا فَتَنِى الْيَوْمُ وَلَمْ أَكْتَسِبْ عِلْمً* وَلَمْ أَصْنِغْ
يَدًا فَمَا ذا كَ مِنْ عُمْرِى
Ingkang
artosipun :
“Naliko wis ngliwati aku
sijining dino, lan aku durung ngasilken ilmu pengetahuan, lan durung ngasilaken
pekerjaan tangan, Mongko opo gunane umurku ing dino iku”
Poro hadirin sekalian !
Sesuai kalian kata syair kasebut, monggo kito
berusaha ningkataken pendidikan dateng putri-putri kito generasi mendatang,
supados dados generasi ingkang berguna lan berjasa, ingkang sanggup dibebani
seribu macam tugas, saking agomo, bangsa lan negoro. Kranten generasi meniko
ingkang menentukan masa ingkang bade dateng. Kata penyair malih :
لَقَدْ غَرَ سُوْا فَا ءَ كَلْنَا وَإِنَّنَا * لَنَغْرِسُ حَتَّى
يَأْ كُلَ النَّاسُ بَعْدَ نَا
Ingkang
artosipun :
“Sa’temen wong-wong
sakwuse kito wis podo nandur jasa, lan kito sing mangan jasane. Lan yektine
kito ugo nandur jasa supaya wong-wong sing sak wusi kito biso mangan jasa kito
(metik jasa kito)”
Poro rawuh ingkang kulo hormat !
Kintenipun cekap semanten atur kulo, sedoyo
kelepatan nyuwun pangapunten.
مِنَ الْعَا ئِدِيْنَ وَالْفائِزِيْنَ تَقَبَّلَ اللهُ مِنَّ
وَمِنْكُمْ اَجْمَعِيْنَ
و بالله التو فيق و الهداية
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِى أَنْزَلَ الْقُرْاَنَ هُدًى
لِلْمُتَّقِيْنَ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى اَشْرَ فِ اْلاَنْبِيَءِ
وَالْمُرْسَلِيْنَ سَيِّدِ نَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَا بِهِ
أَجْمَعِيْنَ. أ مّا بعد. فقال الله تعلى فى القرآن العظيم : إِنَّا نَحْنُ نَزَّ
لْنَا الذِّ كْرَ وَاِنَّا لَهُ لَحَا فِظُوْنَ.
Poro Bapak, Poro Ibu, hadirin-hadirot ingkang kulo
hormati !
Lewat suasana ingkang indah, cerah, terang
benderang saat meniko monggo kulo lan panjenengan sedoyo tansah muji syukur dateng
ngersanipun Alloh SWT. Ingkang sampun paring Rahmat, Nikmat dateng kito sedoyo
sehingga ing saat meniko, kulo lan panjenengan saget bersilaturrohim wonten ing
meniko majlis ingkang mubarok, dalam rangka menghadiri acara peringatan
“Nuzulul Qur’an” ingkang kados meniko meriyahipun.
Ingkang kaping kalih sholawat soho salam sejahtera
Alloh mugi tetep dipun limpahaken dateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad
SAW, soho poro ahli keluarga lan sahabatipun. Amin
Poro Bapak, Poro Ibu ingkang kulo hormati !
Kisah perjalanan manusia gesang wonten ing alam
dunia menuju dateng Alam akhirot meniko saget kito ibarataken kados dene
seorang musyafir ingkang lagi menyebrang lautan, menuju sebuah pantai. Utawi
kados dene tiang ingkang lagi kesesahan nyebrang segoro mawi sebuah perahu
menuju suatu pantai (pelabuhan), sampan sakmestinipun tiang ingkang lagi
nyebrang. Meniko wonten ing tengah perjalanan memaggihi pinten-pinten halangan
lan rintangan. Kadang-kadang si musafir lagi tenang-tenang wonten nginggil
perahu tiba-tiba angin datang meniup. Kadang-kadang badai dan gelombang
menggelegar ombak menyeberang. Ia memenuhi suasana ingkang kados mekaten meniko
kok si musyafir meniko lengah anggenipun mengemudi, utawi boten gadah gondelan
ingkang kukuh, saget-saget kapalipun meniko numplek lan tenggelam wonten ing
tengah-tengah lautan. Akhiripun mboten saget dumugi dateng suatu tujuan.
Poro rawuh ingkang kulo mulyaaken !
Semanten ugi kito gesang wonten Alam dunia menuju
dateng alam akhirat. Meniko sering kito panggihi pinten-pinten cobaan lan
rintangan. Kadang-kadang tiang gesang meniko dipun coba kalian Alloh di timpa
kemiskinan, ekonomi kirang mencukupi, kadang di coba putrinipun sakit, usaha
sesuatu boten berhasil lan sanes-sanesipun lan kangge menanggulangi hal meniko,
Alloh sampun nurunaken kitab Al-Qur’an, ingkang supados damel pedoman gesang
wonten ing alam dunyo supados saget wilujeng lan bahagia wonten akhirat.
Dawuhipun Alloh surat Al-Hajr ayat songo :
إِنَّا نَحْنُ نَزَّ لْنَا الذِّ كْرَ وَاِنَّا لَهُ لَحَا فِظُوْنَ
Ingkang
artosipun :
“Sa’temene
ingsun wis nurunake Al-Qur’an sa’temene Ingsun tetep jogo marang Al-Qur’an.
Poro
rawuh, ugi wonten ayat lintu Alloh dawuhaken wonten surat An-Nahl : 89
Ingkang
artosipun :
“Lan ingsun nurunake
maring siro (Muhammad) kitab Al-Qur’an kangge jelasake sekabehe perkoro. Lan
minongko dadi pituduh lan Rohmat lan kabar gembira tumrape tiang Islam”QS. An-Nahl : 89).
السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِيْ أَنْعَمَنَا
بِدِيْنِ اْلاِسْلاَمِ وَاْلاِيْمَنِ وَجَعَلَ شَهْرَ رَمَضَانَ وَسْيْلَةً فِى
نَيْلِ الْغُفْرَانِ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ
اَفْضَلِ اْلاِنْسَان. وَ عَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ الْمُتَمَسِّكِيْنَ
بالْقَرآن.أ مّا بعد
Poro hadirin hadirot ingkang kulo hurmati !
Monggo wonten ing kesempatan meniko kulo lan
panjenengan sedoyo sami muji syukur dumateng ngarsonipun Alloh SWT. Kranten
Alloh sampun paring Rohmat, Ni’mat dateng kito sedoyo ingkang arupi tetepipun
Iman lan Islam.
Ingkang kaping kalihipun mugiho Rahmat lan Salam
Bahagia Alloh selalu dipun limpahaken kanjeng Nabi Muhammad SAW, poro ahli
keluarga lan poro sohabatipun.
Poro Rawuh ! monggo kulo lan panjenengan sedoyo
meniko samiyo ningkataken anggenipun taqwa dumateng Alloh SWT. Tegesipun kito
nindakkaken perintahipun, shoho nebihi dateng laranganipun, dene termasuk
perintahipun Alloh inggih meniko : Alloh sampun majibaken dateng kito sedoyo
inggih meniko nglampahi poso wonteng ing wulan Romadhon, Alloh sampun dawuh
wonteng Al-Qur’an :
Ingkang
artosipun :
“Hei
wong-wong kang podo iman, den wajibake marang siro kabeh nglakoni poso. Koyo
dene den wajibake maring wong-wong sakdurunge siro kabeh. Supoyo siro podo
taqwa” (Al-Baqarah : 183).
Pramilo saking meniko, monggo kedatangan wulan
Romadhon meniko kito sambut kanti gembira. Kito penuhi mawi kegiatan-kegiatan,
tadarrus Al-Qur’an, Shodaqoh dateng fakir miskin, lan sanes-sanesipun.
Dene ingkang pokok inggih meniko, wonten ing wulan
Ramadhan meniko kito tindakaken poso kanti khusus’ khitmah, shoho nebihi
larangan-larangan ingkang nimbulaken batalipun poso. Kados dene guneman ingkang
awon, ngrasani tiyang sanes, lan lintu-lintunipun. Kranten menurut sebagian
Ulama’, tembung poso meniko bahasa arabipun saking kata صَوْمٌ ingkang
hurufipun wonten tigo. Inggih meniko huruf Shod, huruf Wawu lan huruf Mim.
Tigang huruf meniko anggadahei makna/arti piyambak-piyambak.
Dene ingkang No. 1 (huruf shod) meniko sangking
kata Shumtum (صُمْتٌ) ingkang artosipun meneng.
Berarti tiyang poso, meniko kedah meneng lisanipun saking guneman ingkang awon,
utawi meneng saking ngrasani lan sanesipun.
No. II (huruf Wawu) meniko saking kata Waro’un (وَرَعٌ) utawi
Wiro’i. Ingkang maksudipun bilih tiang poso meniko kedah wira’i utawi nebihi sangking
perkawis ingkang haram, utawi perkawis-perkawis ingkang dipun cela/dipun wodho
minggahipun syara’.
No. III (huruf Mim) meniko saking kata Malakun (مَلَكٌ) ingkang
artosipun ngeker, utawi mencegah, tegesipun bilih tiang poso meniko kedah saget
ngeker lan nyegah perkawis-perkawis ingkang ndadosaken batalipun poso.
Poro hadirin hadirot ingkang kulo hormati ! Sak
derengipun kulo akhiri anggen kulo matur, manggo sepindah malih, datengipun
wulan Romadhon meniko kito isi kanti amalan-amalan ingkang sahe. Supados mangke
medal saking wulan Romadhon kito angsal nilai-nilai ibadah ingkang sahe.
Sehinggo saget dipun sepunten duso-duso kito. kranten kanjeng ingkang sahe,
sehinggo saget dipun sepunten duso-duso kito. kranten kanjeng Nabi dawuh :
مَنْ قَامَ رَمَضَانَ إِيْمَانًا
وَاحْتِسَا بًا غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ
Ingkang
artosipun :
“Sopo wonge jumenengi
wulan Romadhon kanti Iman lan nuprih krono Alloh. Mongko den ngapuro
duso-dusone kang wis kliwat”
Poro rawuh….kintenipun cekap semanten atur kulo
sedoyo kelepatan, kulo nyuwun pangapunten lahir lan batin.
و بالله التو فيق و الهداية
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِى جَعَلَ
إِسْرَاهُ مِنْ مَكَّةَ اِلَى بَيْتِ الْمُقَدَّسِ فِى لَيلَةِ الْكُبْرَآ.
وَاَرْسَلَهُ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا وَدَا عِيًا إِلَى اللهِ بِإِذْنِهِ سِرَاجًا
وَمُنِيْرًأ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ أَفْضَلِ
الْوَرَى وَعَلَى اله وَاَصْحَابِهِ صَلاَةً وَسَلاَمً كَثِيْرًا أمّا بعد
فقال الله تعالى فى القر ان الكريم :
Dumateng poro Bapak, poro Ibu soho hadirin ingkang
kulo hormati.
Sakderengipun kulo matur ingkang bade kulo aturaken
mangke, langkung rumiyin kulo muji syukur Alhamdulillah dateng ngersanipun
Alloh SWT. Shoho nyuwunaken tambahipun Rohmat lan salam bahagia Alloh mugio
tetep dipun limpahaken dumateng junjungan kito Nabi Muhamamd SAW, shoho poro
ahli keluargo lan sahabatipun.
Poro hadirin sedoyo ingkang kulo mulyakaken !
Pengajian ing saat meniko dalam rangka memperingati
dinten ulang tahun Isro’ Mi’roj ipun junjungan kito Nabi Besar Muhamamd SAW.
Kini kembali mengenai hal-hal historis revolusi fisik, utawi sejarah
perjuanganipun Rosululloh SAW, ingkang panjenenganipun tepat tanggal 27 Rojab
tahun 571 M. Dipun aturi kalian Malaikat Jibril, nindaaken perintahipun Alloh
SWT, dipun Isro’aken utawi dipun lampahaken dalu, awit saking Masjidil Harom
(Mekkah) ngantos Masjidil Aqsho (Palestina). Selajeng dipun Mi’roj aken saking
Masjidil Aqso minggah dateng langit ngantos Syidrtoul Muntaha. Ingkang
perlunipun dipun sumerapaken dateng pinten-pinten tanda kekuasa’anipun Alloh
SWT, shoho nampi kewajiban ibadah sholat gangsal wekdal. Hal meniko dipun
jelasaken wonten Al-Qur’an surat Bani Israoil ayat 1 ingkang surasosipun
mekaten :
Ingkang
artosipun :
“Maha suci Allah ingkang
nglampahaken dateng hambanipun wonteng ing wekdal dalu, saking Masjidil Harom
dateng Masjidil Aqso kang ingsun berkahi kiwo tengene, sa’perlu ingsun tunjukne
sebagian tanda-tanda kekuasaan Ingsun. Saktemene Alloh iku Maha Mendengar lan
Maha Mengetahui“
Poro hadirin ingkang kulo hormati !
Kanti pengajak kulo monggo kanti wontenipun
peringatan Isro’ lan Mi’roj meniko, kito tingkataken segala bidang, Monggo Pak,
Bu, warga umat Islam, ,lewat peringatan meniko, kito tingkataken No. 1 Bidang
Ubudiyah urusan ibadah dateng Alloh SWT, ingkang maksudipun sak sampunipun
peringatan Rojabiyah meniko, sampun ngantos wonten tiang ingkang ngaku agamane
Islam, anangeng ibadahe taksih plintunan, utawi namun asal kober, menawi boten
kober boten ibadah. No. 2 Niat bantu program pemerintah, dalam rangka meratakan
pendidikan utawi mencerdaskan Bangsa ingkang maksudipun, saksampunipun
peringatan Rojabiyah nimu sampun ngantos wonten umat Islam sing taksih
lolak-lolok utawi taksih dereng sadar hidup berorganisasi, hidup bermasyarakat,
lan hidup bergotong royong lewat jam’iyah-jam’iyah. Lewat pengajian-pengajian
kito saluraken santapan rohani supados umat Islam ngertos endi barang sing
Halal, lan endi barang sing Haram. No. 3 Niat demi terwujudipun Akhlaqul
Karimah, mewujudkan sopan santun, toto kromo, ingkang maksudipun supados umat
Islam saget sesuai antara ucapan lan perbuatan. Sampun ngantos Islam namung
dumel akon-akon thok, nanging tumindha’ipun boten sesuai. Mangane boten diatur
coro Islam, pergaulane boten diatur coro Islam, nek pados rizki boten diatur
coro Islam, meniko sampun ngantos terjadi. No. 4 Niat demi wujudipun pengamalan
wajib ingkang dados rukunipun agami Islam. Terutama pengamalan wajib ingkang
dados intinipun utawi hasilipun Isro’ Mi’roj meniko ingkang sampun dipun
kumndangaken setiap waktu, wonten masjid-masjid, utawi saben-saben mushollah.
حَيَّ عَلَى الصَّلاَةْ
………….
nopo BU…? Inggih meniko sholat gangsal wkedal.
M bok menawi wonten Umat Islam sing dereng
nglampahi sholat, mugu-mugi enggalo dipun paringi hidayang dening Alloh. Amergi
sholat meniko merupakan barometer utawi alat pengukur dateng pengamalan kito
sedoyo. Tegesipun pengamalan kito sedoyo saget sahe utawi boten meniko dipun
ukur utawi dipun tingali, kalihan anggenipun ngalmpahi sholat. Kranten
dawuhipun Alloh wonten Surat Al-Angkabut, ayat 45 :
Artosipun
:
“Sholat
iku saget mencegah sangking perbuatan keji lan mungkar“
Poro Bapak, poro Ibu, Hadirin sedoyo pramilo monggo
urusan ibadah meniko dipun tingkataken ingkang sa’estu, terutami dumateng
putra-putri kito utawi generasi kito sedoyo, meniko kito didik, kito wulang,
lan kito arahaken dateng urusan ibadah, sampun ngantos kito umbar, mboten kito
arahaken, supados mangke dados generasi ingkang saget berguna tumrap agomo,
bongso lan negoro.
Kranten lare meniko saget sahe utawi awon
tergantung tiyang spuhipun ingkang mendidik. Dawuhipun bapak kiai :
Senajan wadah gede isi gemuk oli.
Panggonane ono ngisro ora aji
Poro Bapak, Poro Ibu, hadirin sedoyo
Nopo maleh wonten ing zaman akhir meniko katah
sanget pengaruh-pengaruh sangking arus gamebyaripun dunyo, katah iman ingkang
podo kenter ketendang banjir kepuntir-puntir ilmu agama boten kepikir, maksud
kulo, banjir kebudayaan-kebudayaan ingkang merusak mental umat Islam.
Kanjeng Nabi naliko Mi’roj sampun diparingi
gambaran-gambaran ingkang dados lambang ingkang bade terjadi wonten ing dunyo
meniko. Termasuk kanjeng Nabi dipun sumerepi tiyang estri ingkang ayu….teng
pinggir dalan celuk-celuk dateng kanjeng Nabi, tapi piambakipun boten mandeg,
slajeng dipun tanggledaken dateng Malaikat Jibril, Jibril maringi penjelasan,
bilih meniko lambangipun dunyo sak isine, kok menawi panjenengan wahu mandek,
tentu umat panjenengan bade milih dunyo sak isine, ninggal perkoro akhirot.
Pramilo meniko manggo manah kedah dipun gembleng,
dipun isi iman ingkang kuat mugi-mugi kulo panjenengan benjang sagedo wilujeng
dunyo lan akhirat. AMin yaa Robbal a’alamin. Cekap semanten aturan kulo, sedoyo
kelepatan nyuwun angunging pangapunten.
و بالله التو فيق و الهداية
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
الحمد لله الذى أَنْعَمَ عَلَيْنَا
بِنِعْمَةِ اْلاِيْمَانِ وَاْلاِسْلاَمِ وَأَرْسَلَ رَسُوْ لَهُ عَلَى كَّا فَّةِ
اْلاُمَمِ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِ نَا مُحَمَّدٍ خَيْرِ
اْلاَنَمِ. وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ الْكِرَامِ. أمّا بعد. فقال الله تعالى
فى القر أن الكريم. وَمَا أَرْسَلْنَاكَ إِلاَّ رَحْمَةً لِّلْعَالَمِيْنَ.
Hadratul Mukarromin, Poro Ulama’ul amilin. Poro
Bapak, poro Ibu, hadirin sekalian ingkang kulo hormati.
Lewat suasana ingkang indah, cerah, terang
benderang ing saat meniko, monggo kulo lan panjenengan sedoyo jaler-estri,
enom-tuwo sami muji syukur dateng Alloh Kang Maha Kuoso, ingkang nitahaken poro
menungso, soho ingkang paring patrapan lan sikso, dumateng tiyang ingkang
nglampahi duso, ingkang boten purun tobat, getun lan nelongso, soho boten purun
sholat lan poso, mugi-mugi kulo panjenengan pinaringan iman ingkang kuat rusho,
sehinggo saget nglampahi perintahipun zat kang murbo waseso, Akhiripun
pinaringan gesang aman, damai lan sentoso, Amin yaa Robbal Aaalamin.
Ingkang kaping kaleh, mugiyo Rohmat Alloh lan
salam, selali dipun limpahaken dateng kanjeng pejuang Islam, Nabi pemimpin arab
lan Ajam, ingkang beto umat manusia saking masa ingkang murko, bengis lan
kejam, menuju masa damai, aman lan tentram, yakni masa jahiliyah menuju masa
Islamiyah.
Poro Bapak, Ibu, Hadirin sedoyo !
Ingkang kaping tigonipun kulo matur nuwun dumateng
sederek pemimpin acara, ingkang sampung paring wekdal dateng kulo. Mugi-mugi,
wekdal meniko saget kulo gunakaken sak sahe-sahenipun. AMin
Poro Bapak, poro Ibu ingkang kulo hormati !
Berbicara tentang peringatan “Maulid Nabi”, meniko
sampun boten terpandang asing wonten kalangan umat Islam. Sebab pancen sampun
dados keharusan, utawi dados hal ingkang perlu, tumrap umat ingkang dipun
pimpin meniko mengenang utawi melestarikan sejarah seorang pemimpinipun.
Lha panjenenganipun Rasulullah SAW, meniko
setunggalipun pemimpin ingkang sukses perjuanganipun sampun sukses membangun
umat manusia saking zaman jahiliyah menuju zaman islamiyah. Hal meniko terbukti
wonten kitab-kitab Tareh, wonten kitab Al-Barzanji, wonten sejarah-sejarah
Islam, bilih zaman sak derengipun kanjeng Nabi lahir keadaan alam gelap gulita.
Menungso dereng mengenal sinten Tuhan ingkang wajib dipun sembah. Taksih katah
tiyang ingkang menyembah berhala, menyembah hewan, kayu, watu lan sajenisipun.
Saben dinten sami permusuhan, tukar padu, nopo malih, nasih qoum wanita katah
ingkang lahir dipun pejahi urip-uripan. Menungso boten mengenal perkemanusiaan.
Boten mengenal hukum agama, selajeng kanti sifat Rohman Rohimipun Alloh SWT,
wonten ing tengah-tengah kegelapan, meniko dipun terbitaken cahaya ingkang
terang benderang, inggih meniko tepat wonten dinten Isnen tanggal 12 Robiul
Awwal tahun Fil, utawi tahun Gajah Alloh nglahiraken seorang Rosul supados
paring tuntunan, lan membawa Rohmat bagi umat seluruh alam. Terbukti wonten
Al-Qur’an surat Al-Anbiya : 107
Ingkang
artosipun :
“Lan
ingsun ora ngutus siro Muhamamd kejobo menehi Rohmat tumrap umat semesta alam”
Poro Rawuh sedoyo ingkang kulo hormati !
Pramilo wonten ing kesempatan meniko, kanti
kedatangan wulan maulid meniko, monggo kito nglahiraken roso bungah, kito
tingkataken anggen kito syukur dateng Alloh SWT. Lan minongko kangge
mbuktekaken anggen kito syukur dateng Alloh SWT. Lan minongko kangge
mbuktekaken rasa cinta kito dumateng Rosululloh SAW, kito kedah selalu
ngatah-ngatahaken amal kesahenan, berkorban harta benda kangge kepentingan
agama Islam. Lan ugi kito kedah sering maos Sholawat Nabi, menyebut asmane
kanjeng Nabi, soho kito kedah selalu menjaga lan melestarikan sareat utawi
ajaranipun, kranten kito sebagai umat ingkang dados ajaranipun. Keranten kito
sebagai umat ingkang mengharap syafatipun benjing ing dinten qiamat, meniko
syaratipun kedah cinta kanjeng Nabi. Kados dawuhipun kanjeng Nabi :
مَنْ إِعْتَنَى مَوْ لِدِيْ وَجَبَتْ
لَهُ شَفَا عَتِى
“Sing
sopo wonge gelem nemen-nemeni dino kelahiranku mangko tetep oleh syafaatku“
Poro rawuh ingkang kulo hormat !
Pancen tiyang niku menawi cinta kedah netepi rukun
telu
(
اركان المحبّة ثلا ثة)
Rukunipun cinta meniko wonten tigo
Tiyang
cinta meniko kedah rela berkorban harta benda. Berkorban demi cinta, tanpa
korban cinta sia-sia.
Tiang
cinta kedah selalu eling lan nyebut asmane ting ingkang dipun cintai, enjing
sonten, siang ndalu, selalu emut lan nyebut-nyebut
Tiang
cinta kedah purun nyocoki lan derek tingkah laku lan perkataanipun tiang
ingkang dipun cintai. Tanpa mencocoki lan mengikuti ucapan lan perbuatanipun,
cinta bade timbul perselisihan, ingkang akhiripun timbul kegagalan.
Poro Rawuh ingkang kulo hormati !
La’ kito sebagai umatipun kanjeng Nabi menawi kito
sampun menyatakan cinta dateng Kanjeng Nabi, meniko kito ugi kedah remen
berkorban kangge memperingati dinten maulid ipun Kanjeng Nabi kados ing saat
meniko.
Lan maleh, kito kedah sering mahos sholawat,
sebagai bukti remen kito dateng kanjeng Nabi. Soho kito kedah purun nindakaken
nopo ingkang dados ajaranipun, lan nebihi nopo ingkang dados laranganipun.
Kanti mekaten kolowahu, mugi-mugi ingkang hadir ing majelis puniko sageto
tergolong dateng umatipun kanjeng Nabi, ingkang saget nampi syafa’atipun,
benjang ing dinten qiamat.
Poro rawuh, kintenipun cekap semanten atur kulo,
kirang langkungipun kulo nyuwun agungipun pangapunten.
و بالله التو فيق و الهداية
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
اَلْحَمْدُ ِللهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.
وَبِهِ نَسْتَعِيْنُ عَلَى اُمُوْرِ الدُّنْيَا وَالديْنِ. والصَّلاَةُ
وَالسَّلاَمُ عَلَى اَشْرَفِالْمُرْسَلِيْنِ. سَيِّدِ نَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَله
وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ. اما بعد. فلا حول ولا قوّ ة الا با لله العلى العظيم
Poro Bapak poro Ibu muslimat ingkang kulo
multa-aken, soho mbak-mbak fatayat ingkang kulo hormati. Ugi poro adik-adik,
poro generasi penerus perjuangan Islam ingkang kulo sayangi !
Sepindah monggo kulo lan panjenengan sedoyo samiyo
nglahiraken, rasa puji syukur dateng ngersanipun Allah SWT kanti ucapan
Alhamdulillah. Keranten Alloh sampun paring Rohmat soho Ni’mat dumateng kito
sedoyo, sehinggo kito saget berkumpul utawi bersilaturrahim wonteng ing majlis
puniko, kanti wilujeng, mboten wonten satunggal Alangan punopo.
Ingkang kaping kalih, mugi salam bahagia Alloh lan
Rohmat, tansah tetep dipun limpahaken dumateng kanjeng Nabi Muhammad, salah
satunggalipun Nabi pimpinan umat, Nabi ingkang bade paring syafa’at, binjang
wonten ing dinten qiamat. Mugi-mugi pertemuan kito ing saat meniko saget andadosaken
sababiyahipun kito angsal syafa’at saking kanjeng Nabi ing dinten qiamat.
Poro Rawung ingkang kulo hormati !
Getuk menopo gedang goreng ?
Sampun ngantuk menopo dereng ?
Monggo ing sa’at meniko kito niyat wonten ing
manah, niat bade ngaji, niat pados ilmu, niat ngibadah dateng ngersanipun Alloh
SWT. Kranten pancen dados tiyang Islam lho Bu……?! Ngaji utawi pados ilmu meniko
wajib tumrap sedoyo. dawuhipun kanjeng Nabi.
طَلَبُ الْعَلْمِ فَرِيْضَةٌ عَلَى
مُسلِمٍ وَمُسْلِمَةٍ
Ingkang
artosipun : Pados ilmu meniko Fardhu tumrap saben-saben tiyang Islam jaler
utawi istri (priyo lan wanito).
Kanti wontenipun Hadist meniko kito sampun jelas
bilih ingkang, wajib pados ilmu meniko boten namung tiang jaler thok, boten
piyantun priyo mawon, tapi tiang istri inggih dipoun wajibaken pados ilmu.
Kranten kangge nyekapi kebutuhan gesang meniko, menungso boten cukup berbekal
harta benda, tapi ingkang langkung penting meniko berbekal ilmu pengetahuan.
Nopo maleh wonten ing abad modern meniko poro kaum wanito boten purun ketinggalan.
Kaum wanito boten cukup mendel teng nggriyo utawi cukup teng dapur mawon boten
usah boten dados so’al
Asal sampun saget dandan utawi mack
Asal sampun saget njangan utawi masak
Asal sampun saget babaran utawi manak
Tapi kejawi saking meniko kaum wanito, kedang tumut
belajar lan berjuang kangge membela Agama, Bangsa lan Negara. Kranten kanjeng
Nabi dawuh :
اَلْمَرْ أَةُ عِمَادُ الْبِلاَدِ إِذَا
صَلُحَتْ صَلُحَتْ وَإِذَا فَسَدَتْ فَسَدَتْ.
Ing
artosipun :
“Wanito meniko dados
cagakipun negoro. Menawi wanitonipun sahe Negari ugi sahe. Lan menawi
wanitonipun rusak, Negari ugi rusak”
Poro Rawuh kejawi saking meniko, tiyang istri
menawi nglampahi amal-amal ingkang sahe, meniko ugi bade dipun jamin kalian
Alloh, dipun bales dipun paringi gesang ingkang bahagia wonten akhirat. Hal
meniko dipun jelasaken wonten Al-Qur’an surat An-Nahl, ayat 97 ingkang
surosonipun :
مَنْ عَمِلَ صَالِحًا مِنْ ذَكَرٍ أَوْ
أُنْثَى وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَنُحْيِيَنَّهُ حَيَاةً طَيِّبَةً وَلَنَجْزِيَنَّهُمْ
أَجْرَهُمْ بَأَحْسَنِ مَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ.
Ingkang
artosipun :
“Sopo wonge kang ngamal
soleh, podo ugi lanang utowo wadon kanti beriman, mongko yekti ingsun paringi
kehidupan kang bagus. Lan ingsun bales kanti balesan kang luwih apik ketimbang
amale” (QS. An-Nahl : 97)
Poro Ibu-ibu lan mbak fatayat ingkang kulo hormati
!
Pramilo saking meniko, monggo Ibu-ibu lan mbak
fatayat, sebagai kaum wanito, isoho dadi wanito sing cocok karo sebutane
wanito, utawi jeneng wanito. Siang ateges wanihoto, wani noto, wani ditoto,
nopo malih menawi kito enget perjuanganipun kanjeng Nabi Muhamamd SAW. kados
pundi sepak terjangipun Siti Khodijah ? piyambakipun selalu ngorbanaken harta
bendanipun kangge mbelo lan menolong perjuangan Rasululloh SAW. Kejawi meniko
piyambakipun ugi mencurahkan tenaga lan fikiranipun mbantu perjuangan
Rosululloh lan, kados pundi sikap Siti Aisah binti Abu Bakar. Piyambakipun ugi boten
ketinggalan selalu mendampingi lan mengikuti Rasulullah SAW, di dalam
menegakkan Agama Islam sehinggo piambakipun dipun paringi gelar utawi sebutan
“Umil Mu’minin”. Anggenipun menghadapi hal nopo ke’mawon, piyambakipun ber
I’tiqod teguh lan jujur, sehingga ngantos Rosululloh wafat, “Siti Aisah” tetep
berjuang membela lan nerusaken perjuanganipun kanjeng Nabi.
Pramilo saking meniko, manggo kito sebagai
muda-mudi Islam, penerus perjuangan Rosululloh, kito giataken lan kito
tingkataken. Segala bidang kito tanam, benih-benih iman lan taqwa wonten ing
manah kito sedoyo supados tetep kuat lan teguh menghadapi liku-liku kehidupan,
ingkang beraneka ragam, macam lan warna. Sehinggo saget tercapailah cita-cita
kito, cita-cita Agama, Bangsa lan Negara. Amien.
Kintinipun cekap semanten atur kulo. Sedoyo
kelepatan kulo, awal ngantos akhir, kulo nyuwun agungipun pangapunten.
و بالله التو فيق و الهداية
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِى خَلَقَ
الْمَوْتَ وَالْحَيَاةَ لِيَبْلُوَ كُمْ اَيُّكُمْ اَحْسَنُ عَمَلاً. والصّلاة
والسّلام على سيدنا محمد أَحْسَنِ الْخَلْقِ قَوْ لاً وَفِعْلاً. وعلى اله واصحا
به مَادَ مَتِ الشَمْسُ وَالْقَمَرُ طَلَعَتْ نَهَارًا وَلَيْلاَ. أَمَّا بعد.
فقال الله تعالى فى القران الكريم. إِذَا جَآءَ أَجَلُهُمْ لاَ يَسْتَاءْ خِرُوْنَ
سَا عَةً وَلاَ يَسْتَقْدِمُوْنَ إِنا لله و إنا إليه راجعون.
Poro Rawuh, Hadirin-hadirot ingkang kulo hormati !
Ing mriki kulo atas nami wakilipun Bapak H. Umar
sekeluargi, ingkang ing dinten meniko nampih musibah sangking ngarsanipun
Alloh, inggih puniko sedanipun ……. (SI Fulan).
Sepindah kulo muji syukru Alhamdulillah, shoho
ngaturaken matur nuwun atas kerawuhan panjenengan sedoyo, ingkang sami
keroyo-royo kerso ta’ziah utawi bela sungkowo, lan hormat atas jenazahipun si
Fulan meniko. Ing mriki kulo nyuwun agunging pangapunten dateng panjenengan sedoyo,
amergi kulo mboten saget nyaosi papan pinaraan ingkang sekeco, shoho hidangan
ingkang ngremenaken manah panjenengan sedoyo. Kejawi saking meniko kulo boten
saget bales menopo-nopo atas bantuan panjenengan sedoyo ingkang arupi tenaga
lan fikiran shoho sanesipun. Lan ing mriki, kulo, namung saget ndongaaken
mugi-mugi sedoyo amal sholeh panjenengan kolowahu dipun trami dening Alloh SWT.
Lan dipun bales ingkang sak katah-katahipun.
Poro Rawuh ingkang kulo hormati !
Sampun sakmesthinipun sangking keluarga Bapak H.
Umar lan poro kerabat, shoho kulo panjenengan sedoyo meniko sami susah lan
getun, atas sedanipun si Fulan meniko. Ananging kados pundhi maleh pancen
sampun dados taqdiripun Alloh ingkang boten saget kito gadali lan boten saget
dipun unduraken malih. Inggih boten sanes monggo kito ikhlasaken mawon, lan
dipun paringi jembar kuburipun, shoho dipun ngapunetn dosa-dosanipun lan dipun
tampio amal-amalipun ingkang sahe sehingga sagedo angsal rahmat sangking
ngarsanipun Allah SWT. Lan mugi-mugi kito sedoyo ingkang dipun tilar sagedo
nerusaken perjuanganipun lan nyampurnakaken amal kesahenanipun soho usahanipun
ingkang kapundut. Amin.
Poro Rawuh ingkang kulo hormati !
Sa’derengipun jenazah dipun berangkataken, ten
mriki kulo aturaken dateng panjenengan sedoyo bilih sak sumerep kulo si Fulan
meniki termasuk golongan tiang ingkang sahe. Baik segi ibadah dateng Alloh, ugi
sesrawungan dateng tanggo, utawi dateng tiyang sanes. Tapi ing mriki perlu kulo
saksekaken dateng panjenengan sedoyo, bilih jenazahipun si Fulan puniko sahe
nopo sahe ? 3x. Alhamdulillah.
أَنْتُمْ شَهَدَأُ عَلَى اْلاَرْضِ
Poro
Rawuh nggih si Fulan meniko anggadahi “haqqul Adam”, utawi utang piutang, soho
sanesipun dateng panjenengan sedoyo, kulo suwun supados panjenengan sedoyo,
kulo suwun supados panjenengan ihlasaken. Dene menawi amrat menawi dipun
ikhlasaken, kulo suwun supados langsung mawon hubungan kalih pihak keluarga
utawi ahli warisipun. Lain malih sebagai meningso tentu kemawon sekedi utawi
katah, si Fulan meniko gadah kalepatan dateng tiang sanes. Pramilo saking
meniko, ing mriki kulo aturaken sedoyo kalepatan si Fulan meniko, saking segi
nopokemawon, panjenengan kersoho paring pangapunten.
Kintinipun cekap semanten atur kulo, sedoyo
kelepatan kulo nyuwun pangapunten. Monggo jenazah sareng-sareng kito
berangkataken, kanti mahos Sholawat (kalimat Toyibah).
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
الحمد لله الذى قد قال فى كتا به الكريم
: ثُمَّ اَوْحَيْنَا اِلَيْكَ اَنِ اتَّبِعْ مِلَّةَ اِبْرَاهِيْمَ حَنِيْفًا.
وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِ نَا مُحَمَّدٍ النَّبِيِّ الْمُصْطَفَى
وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَهْلِ الصِّدْقِ وَالْوَ فِى ا مّا بعد
Poro Bapak, Poro Ibu, hadirin sedoyo ingkang kulo
hormati !
Sepindah Monggo kulo lan panjenengan sedoyo samiho
nglahiraken rasa puja lan puji syukur dateng ngarsanipun Allah SWT. Ingkang
sampun paring pinten-pinten rohmat lan taufiq soho hidayah dumateng kito.
Sehingga wonten ing kesempatan meniko kito saget rawuh wonten ing puniko
majelis dalam rangka Jabatud Da’wah, utawi ngrawuhi dateng undangan dateng
walimatul khitan, mugi-mugi kerawuhan kito sedoyo, kalian Allah dipun catet
minongko dados amal sholeh kito sedoyo amin-amin ya robbal alamin.
Ingkang kaping kalih, mugi-mugiho salam bahagia
Allah, lan rahmatipun, tansah kalimpahaken dateng junjungan kito Nabi Besar
Muhammad SAW sebagai Nabi pemimpin umat, Nabi ingkang bade paring syafa’at
dateng sedoyo umat benjang wonten ing dinten qiamat mboten pandang sugih utawi
mlarat. Mboten pandang rakyat utawi pejabat, selagi umat puniko taksih purun
nindaaken syariat, tegesipun taksih purun to’at lan boten purun ngelampahi
maksiat.
Ingkang kaping tigonipun kawulo matur nuwun
dumateng sederek pembagi acara ingkang sampun paring wekdal dumateng kulo.
Mugi-mugi wekdal meniko mangke saget kulo gunakaken ingkang sak sahe-sahenipun.
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Nindaaken khitan utawi sunat meniko derek tindak
lampanipun Nabi Ibrahim as ingkang wonten sejarahipun Nabi Ibrahim nindaaken
khitan meniko sampun yuswo 80 tahun. Lan jenggote kaleh brengosipun sampun
dowo. Tur wonten zaman semanten, dereng wontek calak utawi dokteng ingkang
tukang nyunat. Dados dipun sunat piyambak !? Mungkin bapak-bapak utawi ibu-ibu
timbul pertanyaan. Lhoooo! Menopo Nabi Ibrahim puniko tiyangipun wedi pemes,
utawi wedi lading kok sampek umur 80 tahun lagek sunat ?
Poro Ibu ingkang kulo hormati !
Nabi Ibrahim puniko sanes tiyang jerih utawi tiyang
weden. Shoho sanes tiyang wedi pemes utawi lading. Tapi pancen wontenipun
printah sunat utawi khitan meniko inggih sampun umur 80 tahun niku. Dados
asal-usulipun sunat puniko awit zamanipun Nabi Ibrahim. Lajeng Alloh SWT paring
wahyu dateng kanjeng Nabi supados derek agaminipun Nabi Ibrahim. Dawuhipun
Alloh wonten Al-Qur’an
Artosipun
:
“Nuli ingsun wahyuake marang siro (Muhammad), supoyo melu
(condong) marang agamane Nabi Ibrahim” (QS. An-Nahl ayat 123).
Poro Bapak poro Ibu ingkang kulo hormat !
Lhoooo…… sakniki fungsinipun utawi faedahipun
khitan meniko katah ing antawisipun : No. 1 Dipandang saking segi agama, khitan
meniko saget ngilangi najis utawi kotoran ingkang kentung wonteng pucukipun
zakar/kucur utawi kepala penis. Padahal ngilangi najis puniko dados syarat
absyahipun sholat. Lhoooo sholat gangsal wekdal meniko wajib. Pramilo menurut
qo’idah ushul fiqh :
كُلُّ مَا يُتَوَ صَّلُ بِهِ إِلَى
الْوَاجِبْ فَهُوَ وَا جِبٌ
Artosipun
:
”Sakabehe perkoro sing
digawe lantaran maring nindakne perkara wajib meniko hukume wajib“
Pramilo ngilangi najis utawi kotoran wonten
pucukipun zakar utawi kucur/helm puniko wajib. Sebab andadosaken absahipun
sholat. Dene kaidah ingkang No. II inggih puniko : Dipandang sangking segi
kesehatan dokter khitan puniko saget ngilangi penyakit-penyakit ingkang timbul
sangking pucukipun zakar utawi kucur.
Dene faedah ingkang No. III khitan meniko saget
nambahi dateng keberanian utawi kekendelan, shoho nambahi kewibawaan. Hal
meniko saget dipun bukte’aken menawi panjenengan pikir, sedoyo poro pejuang 45
ingkang gagah berani, wantun ngusir panjajah, wantun bertanding melawan musuh,
meniko sedoyo, pejuang-pejuang kolowahu inggih sampun sunat. Lan boten wonteng
tiyang ingkang dereng sunat, puniko wantung perang ngusir penjajah.
Dados mekatenlah pentingipun khitan utawi sunat.
Pramilo kangge akhir kata kulo monggo bapak poro ibu menawi kagungan putro
dereng dipun khitanaken, enggal mawon dipun khitani. Kranten hubunganipun
meniko dateng masalah ibadah.
Kintenipun cekap semanten atur kulo
Kupat lepet taline janur
Lepat luput tetepa dadi sedulur
Masang
pulut ing duwur cemoro
Menawi
luput nyuwun ngapuro
و بالله التو فيق و الهداية
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
اَلْحَمْدُ ِللهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ
الَّذِيْ خَلَقَ اْلاِنْسَانَ مِنْ طِيْنٍ. وَقَدَّرَ سَعَاادَةُ وَشَقَا وَتَهُ
وَرَزَقَهُ وَاَجَلَهُ وَهُوَ فِى قَرَرِ مَكِيْنٍ. وَاَخْرَجَهُ مِنْ بَطْنِ
اُمِّهِ وَهُوَ لاَ يَعْلَمُ بِشَيْئٍ مُبِيْن. وَالصَّلاَ ةُ وَالسَّلاَمُ عَلى
سَيِّدِ نَا مُحَمَّدٍ اَفْضَلِ الْخَلْقِ اَجْمَعِيْنَ وَعَلَى اَله وَاَصْحَا
بِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ اِلَى يَوْ الدِّيْن امّا بعد
Poro Bapak poro Ibu, hadirin, hadirot ingkang kulo
mulya’aken !
Sa’derengipun kulo matur nopo ingkang bade kulo
aturaken mangke, sepindah monggo kulo lan panjenengan sedoyo, samio nglahiraken
rasa puji syukur dateng ngarsanipun Alloh, kang Maha Kuasa kanthi ucapan
Alhamdulillah. Dene menopo wonten ing saat meniko, Alloh sampun paring
pinten-pinten rahmat, taufiq, dateng kulo lan panjenengan sedoyo, sehinggo kulo
panjenengan sedoyo saget karoyo-royo bucal tempo ninggalno griyo, ninggal bondo
lan rojo koyo, saget ngrawuhi undanganipun Bapak Ahmad sakeluarga. Dene menopo
wonten ing saat puniko, Bapak Ridhwan nampi ni’mat sangking ngarsanipun ingkang
Maha Kuoso, ingkang arupi kelahiran sang putro, ingkang lahiripun kanti keadaan
wilujeng, boten wonten satunggal alangan punopo.
Poro Bapak poro Ibu, hadirin sedoyo, dene kulo
panjenengan dipun rawuhaken wonten ing dalem meniko, boten sanes dipun suwuni
tambahipun barokah dugo mugi-mugi putri ingkang tembih lahir puniko, sagedo
dados putro ingkang berguna migunani tumraping masyarakat, bangsa lan agama.
Amien.
Poro hadirin ingkang kulo hormati !
Dene bayi ingkang nembeh lahir ing saat meniko
dipun paringi tetenger, utawi dipun paringi asmo “Zainul Haqqi” (contoh) pancen
sampun dadaos kewajibanipun tiang sepuh, meniko menawi kagungan putro, kedah
pareng asmo ingkang sahe, shoho paring pendidikan-pendidikan dateng putronipun
kados ingkang dipun dawuhaken dening Kanjeng Nabi Muhammad SAW
حَقُّ الْوَالِدِ عَلَى وَلَدِهِ اَنْ
يُحْسِنَ اِسْمَهُ وَاَدَ بَهُ وَاَنْ يُعَلِّمَهُ الْكِتَابَةَ وَالسِّبَا حَةَ
وَالرَّ مَايَةَ وَاْنْ لاَ يَرْ زُقَهُ اِلاَّ طَيِّبًا وَاَنْ يَزَوِّ جَّهُ
اِذَا اَدْرَكَ
Ingkang
artosipun :
“Haq utawi kewajibanipun
tiang sepuh dumateng putranipun inggih meniko :
Kedah paring asmo utawi nami
ingkang sahe
Kedah mbagusi dateng adabipun
Kedah mulang nyerat utawi nulis
Kedah mulang dateng renang utawi
nglangi
Kedah mulang dateng manah utawi
nembak
Kedang paring rizki ingkang halal
Kedah ngrabekaken/nikahaken
menawi sampun dewasa utawi menawi sampun ketemu jodohipun.
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Kejawi keterangan wonten ing nginggil kolo wahu
bilih anak meniko amanatipun Alloh ingkang dipun titipaken dumateng kito
sedoyo, ingkang mbenjang wonten akhirat kito dipun suwuni pertanggung jawab.
Tegesipun kito dipun dangu kados pundi anggen kito ngramut dateng putro kito.
Menawi didikan kito meniko sahe, kito inggih dipun bales sahe dening Alloh,
shoho putro ingkang sholeh meniko saget dados amal jariyahipun tiyang sepuh,
menawi sampun sedo. Dene menawi anggen kito didik putro meniko awon, meniko
kito inggih pikantuk sikso sangking ngarsanipun Alloh kanjeng Nabi dawuhaken.
إِذَا مَاتَ إِيْنُ أَدَمَ إِنْقَطَعَ
عَمَلُهُ اِلاَّ مِنْ ثَلاَ ثٍ صَدَقَةٍ جَارِيَةٍ اَوْ عِلْمٍ يُنْتَفَعُ بِهِ
اَوْوَلَدٍ صَا لِحٍ يَدْ عُوْ لَهُ
Ingkang
artosipun :
“Naliko Ibnu Adam
(Manungso) meniko sampun sedo/wafat mangko putus sedoyo ngamalipun kejawi
saking tigang perkawis. 1. Sodaqoh, 2. Ilmu ingkang manfaat 3. Putro ingkang
sholeh, ingkang ndongaaken dateng Ibnu Adam kolo wahu (utawi tiang sepahipun)“
Poro rawuh ?! pramilo lewat kesempatan meniko, kulo
ngajak dateng panjenengan sedoyo, monggo putro-putro kito meniko kito didik
ingkang sahe kito wulang dateng ilmu agomo, supados benjang dados lare ingkang
sholeh, minongko dados amal jariyahipun kito sedoyo.
Kejawi saking meniko ugio saget nerusaken
perjuangan kito sedoyo, supados kejayaan Islam lan kemulyaan Islam ing masa
mendatang saget tetep gilang gemilang. Amin.
Poro rawuh
getuk menopo gedang goreng ?
Sampun ngantuk menopo dereng ?
Kintenipun cekap semanten atur kawulo, menawi lepat
nyusun pangapuro.
و بالله التو فيق و الهداية
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
اَلْحْمْدُ لله الّذى سَنَّ لِعِبَادِهِ
النِّكَاحَ. وَنَهَا هُمْ عَنِ السِّفَا حِ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى
سَيِّدِنَ مُحَمَّدٍ الْقَائِلْ : تَنَا كَحُوْا وَتَنَا سَلُوْا فَإِنِّى
مُكَاثِرُ بِكُمُ اْلاُمَمَ يَوْمَ الْقِيَامَةِ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ
اَجْمَعِيْنَ أَمَّا بَعْدُ فَلاَ حَوْلاَ وَلاَ قُوَّةَ اِلاَّ بِا للهِ
الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ.
Poro Bapak Kiyai, poro pini sepuh, poro tamu
undangan ingkang kulo hormati, poro hadirin, lan hadirot ingkang kulo hormati.
Sepindah kawulo muji syukur dateng ngarsanipun
Alloh SWT ingkang sampung paring rohmat, taufik shoho hidayah dateng kito
sedoyo, sahinggo kito saget pepanggihan wonten ing puniko majlis, dalam rangka
menyambut hari kebahagiaan, utawi hari resepsi pernikahan ingkang sanget
keramat meniko
Mugi-mugi kerawuhan kito sedoyo meniko kalian Alloh
dipun catet dados amal sholeh kito sedoyo. Amien.
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Ingkang kaping kalih mugiho rohmat ta’dzim dan
salam bahagia Alloh tansah dipun limpahaken dumateng junjungan kito Nabi Besar
Muhammad SAW, soho poro ahli keluarga lan sohabatipun.
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Berbicara tentang nikah meniko sampun mboten
terpandang asing di kalangan umat Islam. Kranten menurut ajaran agama Islam,
melaksanakaken nikah meniko dipun catat sebagai amal ibadah. Sebab nikah meniko
derek sunnahipun kanjeng Nabi, soho ngamalaken dawuhipun kanjeng Nabi :
تَنَا كَحُوْا وَتَنَا سَلُوْ فَإِ نِى
مُكَاثِرُ بِكُمُ اْلاُمَّةَ يَوْمَ الْقِيَامَةِ
Ingkang
artosipun :
“Podo nikaho siro kabeh
lan podo duweho keturunan siro kabeh, krono besuk ingsun ing dino qiamat
akeh-akehan umat lantaran siro kabeh“
Shoho Islam didalam nikah meniko dados syarat
syahipun nikah. Menurut Islam, nikah boten dados syah kejawi mboten Islam.
Dados kanti meniko saget kito simpulaken, bilih Islam lan nikah, meniko
merupakan hal ingkang selalu berhubungan, mboten kenging dipun pisahaken. Sebab
nikah di dalam Islam meniko dados amal ibadah. Dene Islam didalam nikah meniko,
dados syarat syahipun nikah.
Poro rawuh ingkang kulo hormat !
Salajengipun menurut sebagian Ulama, wonten ingkang
jelasaken bilih tembung nikah meniko asalipun tembung arab ingkang terdiri
saking tigang huruf. Inggih meniko :
Huruf
Nun, Huruf Kaf lan Huruf Ha’ (Nikah نكح) ing
tigang huruf kolowahu anggadahi
singkatan
utawi anggadahi arti piyambak-piyambak. Nomer setunggal huruf Nun meniko
singkatan sangking kata Ni’mat, tegesipun tiang dados manten utawi tiang nikah
meniko ngraosaken nikmat lahir lan batin.
Nomer kaleh huruf Kaf, meniko singkatan saking kata
Karomah utawi keramat. Tegesipun dados manten meniko selalu dipun mulyaaken
selalu keramat, sehinggo panggonan lenggahipun meniko dipun utamaaken wonten
ngajeng piyambak kados dene palenggahanipun raja lan permaisuri.
Nomer tigo Huruf Haa meniko singkatan saking kata
Hikayah. Ingkang artosipun cerito tegesipun tiyang menawi sampun nikah, meniko
maleh saget cerito-cerito kaleh garwanipun, benten kaleh tiang taksih bujangan,
menawi wonten kamar tilem piambek kleasak-klesik, glimpang-glimpung, kaleh
bantal guling, tapi menawi sampun nikah, yen teng kamar saget cerito-cerito
kaleh garwane
Poro rawuh ingkang kulo hormati !!
Kajawi saking meniko taksih wonten malih
kewajiban-kewajiban ingkang kedah dipun laksanaaken. Antara suami lan istri.
Dene kewajibanupun tiang jaler sebagai suami, meniko kedan mulang dumateng
istrinipun ingkang sahe. Shoho perintah ngamalaken dawuh-dawuhipun Alloh kados
dene : puoso, sholat, sesuci, adus jinabat, lan sanesipun. Kranten tiang jaler
meniko ingkang bertanggung jawab dumateng tiang istri lan putro-putrinipun.
Alloh
sampun dawuh wonten Al-Qur’an
الرَّ جَالُ قَوَّامُوْ نَ عَلَى
النِّسَآ ءِ
Artosipun
:
“Bilih tiang jaler meniko
ingkang jemenengi/mimpin dateng tiang estri“
Dene kewajiban tiang estri dateng tiang jaler, ing
antawisipun inggih meniko, menawi dipun sawang ingkang jaler, kedah tansah
bingahaken. Lan menawi dipun perintah kedah selalu to’at, utawi manut, selagi
perintahipun kolo wahu mboten perkawis maksiat. Shoho menawi dipun tinggal
kesah ingkang jaler, tiang estri kedah selalu anjagi dirinipun (utawi
badanipun) lan njagi bandanipun, kados dawuhipun kanjeng Nabi, ingkang dipun
riwayataken dening shohabat Abi Hurairah, ingkang dawuhipun mekaten :
خَيْرُ النِّسَآءِ إِمْرَأَةٌ إِذَا
نَظَرْ تَ إِلَيْهَا سَرَّتْكَ وَاِنْ اَمَرْتَهَا اَطَا عَتْكَ وَاِنْ غِبْتَ
عَنْهَا حَفَظَتْكَ فِى مَالِكَ وَنَفْسِهَا
Ingkang
artosipun :
“Sak apik-apike wong wadon
sing naliko siro sawang, deweke tansah bungahake marang siro, lan naliko siro
perintah tansah manut lan naliko siro tinggal lungo, tansah jaga awake lan
bondo siro“
Porp Bapak poro Ibu kintenipun namung mekaten atur
kawulo, lintu wekdal Insyaa Allah saget dipun sambung malih.
Kupat lepet taline janur
Lepat luput tetep dadiho sedulur
Akhiripun sedoyo kelepatan kulo awal ngantos akhir
kulo nyuwun pangapunten.
و بالله التو فيق و الهداية
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِلا قَدْ قَا لَ
فِى كِتَابِهِ الْكَرِيْم. وَاَنْكِحُوْا اْلاَيَّامَى مِنْكُمْ وَالصَّالِحِيْنَ
مِنْ عِبَادِ كُمْ وَإِمَا ئِكُمْ وَإِمَ ئِكُمْ إِنْ يَكُوْنُوْا فُقَرَاءَ
يُغْنِيْهِمُ الله مِنْ فَضْلِهِ وَ اللهُ وَاسِعٌ عَلِيْمٌ. وَالصَّلاَةُ
وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّد القائل النّكا حُ سُنَّتِى
فَمَنْ أَحَبَّ فِطْرَ تِى فَلْيَتَسَنَّ بِسُنَّتِى وَعلَى اله وَ أَصْحَا به
وَمَن والاه امّا بعد
Poro bapak, poro ibu, hadirin sedoyo ingkang kawulo
mulyaaken.
Sakderengipun kulo matur nopo ingkang Alloh SWT,
ingkang sampun paring pinten-pinten rohmat dateng kito sedoyo, sehinggo kito
saget makempal wonten ing meniko majlis, dalam rangka menghadiri undangan
walimatul Ursy ing saat meniko.
Poro rawuh ingkang kulo hormati,
Ngawontenaken walimah meniko hukumipun sunah,
kranten meniko derek dawuhipun kanjeng Nabi, bilih wonten salah setunggulipun
wekdal, sohabat Abdurrohman bin Auf, matur dateng kanjeng Nabi, bilih
piyambakipun nglaksanaaken nikah damel maskawin (Mahar) rupi emas sak bobotipun
kelungsu kurmo salajengipun kanjeng Nabi ngendiko.
بَارَ كَ الله لَكَ أَوْلِمْ وَلَوْ
بِشَاةٍ
“Tegesipun
kanjeng Nabi donga’aken barokah, lajeng perintah ngawontenaken walimah senajan
namun nyembelih maendho setunggal.
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Bicoro masalah walimah meniko, weninipun katah.
kados ingkang kasebut wonten ing kitab-kitab fiqih. Wonten kala : Walimatul
‘Ursy wonten kalane walimatul khitan, wonten kalane walimatul maulid, wonten
kalane walimah ngedekaken griyo utawi boyongan, shoho sanesipun. Dene ingkang
paling utami utawi ingkang afdhol inggih meniko “Walimatul ‘Ursy utawi Walimah
Manten”
Dene masalah ijabatut-da’wah, utawi dugeni dateng
walimah, meniko hukumipun inggih benten-benten. Menawi walimah manten, meniko
ingkang dipun undang, wajib ndugeni, selagi wonten majlis walimah manten
kolowahu, boten wonten perkawis mungkar utawi maksiat. Lan menawi wonten
perkawis maksiat utawi perkawis ingkang nglaraaken manah, meniko boten wajib
nekani.
Dene menawi walimah saklintunipun manten, sami ugi
walimah khitan utawi maulud, utawi aqiqoh, meniko ndugeni hukumipun sunat. Poro
rawuh !, sa’lajengipun, menawi wonten setunggal wekdal meniko wonten undangan
kaleh, utawi tigo, meniko ingkang dipun dugeni gedah ingkang langkung parek
griyanipun. Dene menawi perekipun, meniko podo ingkang dipun dugeni langkung
rumiyin ngundangipun. Hal meniko damel dasar hadisipun kanjeng Nabi ingkang
dipun riwayataken deneng Abu Dawut RA
إِذَا إِجْتَمَعَ دَا عِيَانِ فَأَجِبْ
أَقْرَبُهَ بَابًا. فَإِنْ سَبَقَ أَحَدُهُمَا فَأَ جِبْ الَّذِي سَبَقَ
Ingkang
artosipun :
“Menawi kempal tiang
ngundang kalih (sareng wekdalipun) moko ingkang dipun dugeni, tiang ingkang
langkung parek lawang griyonipun. Menawi salah setunggalipun meniko langkung
rumiyin, inggih ingkang langkung rumiyin meniko ingkang dipun dugeni“
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Kolo wahu kawulo ngaturaken bilih ndugeni dateng
undangan walimah manten meniko hukumipun wajib. Benten kaleh dugeni undangan
saklintunipun walimah manten, kados dene walimah khitan utawi walimah maulid
meniko dugeni hukumipun sunat.
Poro rawuh, meniko nopo rahasianipun utawi
sebabipun masalah dugeni walimah meniko kok benten-benten ? menurut sebagian
Ulama meniko wonten ingkang njelasaken, menawi ndugeni datang walimah manten
meniko wajib. Sebabipun wonten ing majlis walimah manten meniko wonten tiyang
ingkang nyandang susah utawi sakit malah sedoyonipun ngraosaken ayem seneng lan
bungah. Tegesipun tiyang ingkang dipun unddang seneng, lan menikolah ingkang dados
wajibipun dugeni undangan walimah manten.
Lan menawi walimah khitan utawi walimah maulid
(kelahiran) tumrap tiyang ingkang dipun undang dugeni walimah meniko hukumipun
sunat, kranten wonten ing griyanipun tiyang ingkang kagungan hajat meniko
wonten ingkang ngraosaken sakit utawi payah. Tegesipun tiyang ingkang dipun
undang seneng tiyang ingkang ngundang seneng, tapi lare ingkang dipun khitani
utawi ibu ingkang nglahiraken meniko ngalami sakit. Pramilo dugeni dateng
undangan walimah khitan utawi kelahiran hukumipun sunat boten wajib.
Tepi sedoyo kolowahu utaminipun dipun dugeni
kranton meniko derek dawuhipun kanjeng Nabi ingkang dipun riwayataken dening
Imam Muslim :
إِذَا دُعِيَ اَحَدُكُمْ فَلْيُجِبْ فَإ
نْ كَانََ صَا ئِمًا فَلْيُصَلِّ وَاِنْ كَانَ مُفْطِرًا فَلْيَطْعَمْ
Ingkang
artosipun :
“Menowo siro diundang
mangko becik tekoho manwa siro poso mangko donga’no bagus lan barokah menawo
siri ora poso mongko mangano“
Poro Rawuh kintenipun cekap semanten kangge
sambutan kulo akhiripun kulo akhiri kupat lepet taline janur, lepat luput
panggahodadi sedulur, sedoyo kelepatan kulo nyuwun pangapunten.
و بالله التو فيق و الهداية
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
اَلْحْمْدُ للهِ الذى خُلَقَ مِنَ
الْمَاءِ بَشَرَا فَجَعَلَمَهُ نَسَبًا وَصِهْرًأ. وَكَانَ رَبُّكَ قَدِيْرَا
وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ أَفْضَلِ الْخَلْقِ
وَالْوَرَى. وَعَلَى أَلِهِ وَصَحْبِهِ صَلاَةً وَسَلاَمًا كَثِيْرًا. أَمَّا
بَعْدُ. فَلاَ حَوْلَ وَ لَ قُوَّةَ اِلاَّ بِاللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ.
Poro Bapak, poro Ibu Shoho sedoyo tamu undangan
walimatul Ursy ingkang kawulo mulya’aken. Mboten kesupen dumateng sedoyo poro
pengantar kemanten ingkang kawulo hormati. Shoho poro hadirin lan hadirot
ingkang kulo hormati.
Wonten ing mriki kawulo minongko wakilipun Bapak
Shohibul Hajat utawi ingkang kagungan dalem, langkung rumiyin kulo nglahiraken
puji lan syukur dateng Alloh SWT, ingkang sampun paring pinten-pinten Rohmat
Taufik shoho Hidayah dumateng kito sedoyo. Sehinggo kito saget keroyo-royo, guyub
lan rukun, sami rawuh wonten ing dalemipun Bapak Hamid puniko, kanthi
kawontenan ingkang sehat wal afiat.
Shoho Rohmat lan Salam bahagia Alloh mugio tetep
dipun limpahaken dateng junjungan kito Nabi besar Muhammad SAW. Ugi dumateng
poro ahli keluarga lan poro sohabatipun, mugi-mugi atas kerawuhan kito sedoyo
ing saat meniko andadosaken sababiyahipun kito mbenjang pikantuk syafaatipun
kanjeng Nabi. اَمِيْنَ يَا رَ بَّ الْعَا لَمِيْنَ
Poro Rawuh Ingkang Kulo Hormati
Wonteng ing mriki kawulo minongko wakilipun Bapak
Hamid ingkang kagungan dalem sepindah kawulo ngaturaken sugeng Rawuh, dumateng
poro tamu-tamu sedoyo, sami ugi sangking undangan walimatul Ursy, utawi poro
pengantar kemanten. Dene punopo panjenengan sedoyo kerso ngrawuhi undanganipun
Bapak Hamid sekeluarga boten kesupen Bapak Hamid sekeluarga ngaturaken.
مَرْ حَبًا أَهْلاً بِحُضُوْ رِ كُمْ
Ingkang kaping kalih Bapak Hamid sekeluargo nyuwun
agunging pangapunten dateng hadirin sedoyo mengenai kekirangan sangking segi
nopo kemawon. Sami ugi sangking segi panggenan, papan pinaraan, pasugatan,
shoho poro sinoman ingkang sami leladen, lan monggo hidangan ingkang sampun
kasediaaken meniko kito ni’mati utawi kito dahar kanthi dipun kawiti mawi
upacara Bismillahirrahmanirrahim. Monggo dipun dahar sa’wontenipun.
Poro rawuh ingkang kawulo hormati !
Sa’lajengipun kolo wahu Bapak wali utawi tiang
sepuhipun penganten putri sampun masrahaken putro-putrinipun, dumateng keluarga
mriki, khusus ipun dumateng Bapak Hamid selaku tiang sepahipun penganten putri
inggih puniko ingkang asmo sederek Hindun. Pramilo ing mriki kanti raos
maremipun penggalih shoho bingahipun manah, shoho kanti ucapan Alhamdulillah,
penyerahanipun kolo wahu kulo trami kalean asto kaleh. lan langsung mulai saat
meniko kemanten kaleh kolowahu kulo akehi dados putro kulo kiambak lan dados
keluarga kulo. Shoho kulo nyuwun tambahi doa restu. Mugi-mugi kulo selaku
tiyang sepuh mriki, sageto mendidik shoho ngopeni dateng putro kaleh kolowahu,
sehinggo saget membentuk rumah tangga ingkang bahagia, sejahtera, maslahah lan
barokah dibawah naungan ridho Alloh SWT. Amien.
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Ingkang terakhir mbok bilih acara meniko mangke
sampun paripurno, menawi panjenengan wonten ingkang kerso jagong, kawulo inggih
nyumbanggaaken, ugi malah matur nuwun. Dene menawi terus kundur kawulo mboten
saget nyangoni menopo-menopo, namung saget ndonga’aken, mugi-mugi kundur
panjenengan saking griyo mriki, ngantos dumugi dalemipun piyambak-piyambak,
kalian Alloh dipun paringi wilujeng, mboten wonten alangan punopo Amien.
Akhiripun kangge kulo, kulo cekapi semanten
kemawon, kirang langkungipun anggen kulo matur, sedoyo kelepatan kulo, kulo
nyuwun agunging pangapunten.
و بالله التو فيق و الهداية
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِى أَحَلَّنَا
النِّكَا حَ. وَحَرَّمَ عَلَيْنَ السِّفَا حَ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى
سَيِّدِ نَا مُحَمَّدٍ الَّذِى هَدَا نَا إِلَى سَبِيْلِ النَّجَاحَ. وَعَلَى
اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهَلِهِ الصّدْقِ وَالصَّلاَحِ أَمَّا بعدُ فَلاَ حَوْلَ
وَلاَ قُوَّةَ إِلاَّ بِاللهِ
Poro Bapak, Poro Ibu, Poro Tamu undangan ingkang
kawulo mulyaaken, shoho poro tamu pengantar penganten ingkang kulo hormati.
Sa’derengipun kulo matur nopo ingkang bade kulo aturaken mangke, langkung
rumiyen kulo muji syukur Alhamdulillah dateng ngarsanipun Alloh SWT, ingkang
sampun pareng Rohmat soho nikmat dumateng kulo lan panjenengan sedoyo, sehingga
kulo lan panjenengan sami saget rawoh wonteng ing majlis puniko, kanti
kawontenan rahayu wilujeng widodo lir sambi kolo.
Ingkang kaping kalihipun mugiho Rahmat Ta’dzim
Alloh soho salam tansah tetep dipun limpahaken dateng junjungan kito Nabi Besar
Muhammad SAW soho para ahli keluarga lumeber dateng kito ingkang sami rawuh ing
majlis puniko. Sehinggo kanthi pertemuan kito ing majlis puniko saget dadosaken
sababiyahhipun kito pikantuk syafaatipun kanjeng Nabi benjang ing dinten
Qiamat. Amien
Poro rawuh ingkang kulo mulyaaken !
Ingkang kaping tigonipun kawulo ngaturaken agunging
panuwun dumateng sederek pranoto acoro ingkang sampun paring wekdal dumateng
kulo, mugi-mugi wekdal meniko saget kulo gunaaken ingkang sa’sahe-sahenipun.
Poro rawuh, wonten ing mriki kawulo minongko wakil
sangking walinipun pengantin putro shoho atas nami wakil sedoyo tamu pengantar
pengantin putra.
Sepindah kawula ngraos syukur Alhamdulillah dateng
Allah SWT. Shoho matur nuwun sa’agengipun dumateng Bapak Shohibul baik mriki
sekeluarga, ingkang sampun bersusah payah budhi dhaya nyediaaken papan
pinara’an, shoho hidangan engkang arupi daharan lan unjukan ingkang kados
mekaten meniko mewahipun, wonten ing mriki kawulo atas nami wakil para tamu
pengantar pengantin, mboten saget mbales atas penghormatan meniko kejawi namung
saget dungaaken dateng Bapak Shohibul bait mriki kanthi ucapan
جَزَا كُمُ اللهُ خَيْرَ الْجَزَا
كَثْرًا
Mugi-mugi
atas jerih payahipun utawi penghormatanipun Bapak Shohibul bait mriki
sekeluarga tansah andadosno amal sholehipun ingkang ditrimo dening Allah, shoho
dipun bales kanthi balesan ingkang sakkatah-katahipun. اَمِيْنَ يَا رَ بَّ
الْعَا لَمِيْنَ
Poro rawuh sedoyo kangge selajengipun, wonten ing
mriki kawulo minongko wakil saking walinipun pengantin putro inggih puniko Bapak
Hamid. Kolo wahu bidal sangking dalemipun, kawulo nampi Amanat sangking Bapak
Hamid, ingkang supadoso masrahaken si manten jaler ingkang Asma sederek Hasan
puniko, dumateng bapak Shohibul bait mriki minongko tiyang sepuhipun pengantin
putri. Pramilo, sakrehning sederek Hasan puniko sampun trami dados putro
mantunipun bapak shohibul bait mriki, ugi kulo wahu sampun dipun laksanakaken
Aqad Nikah. Pramilo kanti raos bingahipun manah, shoho kanthi ucapan “Bismilah”
sederek Hasan meniko kulo pasrahaken sa’doyonipun dumateng Bapak Shohibul bait
mriki, kanti pasrah bongko’an tegesipun inggih kados mekaten meniko
kawontenanipun. Dene menawi wonten kekirangipun sangking segi nopokemawon, Dene
menawin wonten kekiranganipun sangking segi nopokemawon, sami ugi : segi
pendidikan, segi pengalaman, pendamelan lan sanesipun, kawulo suwun Bapak
Shohibul bait mriki umumipun, sedoyo keluarga lan masyarakat mriki kersoho
paring bimbingan soho tuntunan, kados pundi amrih saget sahenipun.
Poro rawuh ingkang kulo mulya’aken !
Ingkang terakhir kawulo ugi atas kami nami wakil
saking rombongan pengantar penganting mbok bilih acara puniko mangke sampun
paripurno, kawulo sa’rombongan, ugi nyuwun pamit pindah, soho nyuwun tambahipun
do’a restu. Mugi kulo sa’rombongan wangsul saking dalem mriki, tumuju dateng
griyanipun piyambak, tansah dipun paringi slamet, wilujeng, boten wonten
setunggal alangan punopo. Amien.
Shoho sa’derengipun kulo pungkasi, kawulo minongko
wakil saking sedoyo pengantar pengantin, kulo nyuwun agunging pangapunten, saking
tingkah laku, ucapan-ucapan, tindak tanduk ingkang kurang nyocokidateng
panggalehipun Bapak Shohibul Bait mriki sakeluarga. Shoho kangge kulo pribadi
sedoyo kesalahan awal ngantos akhir kulo nyuwun pangapunten ingkang sak
katah-katahipun.
و بالله التو فيق و الهداية
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِى فَضَّلَ
بَنِيْ أَدَمَ بِا لْعِلْمِ وَالْعَمَلِ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى
سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ عَلَى كُلِّ حَالٍ. وَ عَلَى اَلِهِ وَاَصْحَا بِهِ
اَصْحَابِ الْكَرَامَةِ وَالْكَمَلْ أمّا بعد
Dumateng Poro Bapak, poro Ibu, Hadirin sekalian
ingkang kulo hormati !
Minangkani
awalipun atur kulo ing mriki kulo muji syukur Alhamdulillah dateng Alloh SWT
ingkang sampun paring pinten-pinten Rohmat, Ni’mat, dumateng kulo, lan
panjenengan sedoyo, sehinggo kulo lan panjenengan saged karoyo-royo bucal
thempo ninggalno griyo, ninggal bondho lan rojo koyo sami saget rawo wonten ing
majlis puniko boten ategas prawan golek joko, utawi dudo golek rondho. Nanging
leres-leres golek ilmu Agomo. Ilmu sing keno kangge sangu dateng griyane moro
tuwo. Shoho ilmu sing keno kangge sangune ngadep datang kang moho kuoso.
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Sebagai pengajak kulo monggo iang saat meniko kulo
lan panjenengan samiho niat ngaji. Niat ibadah dateng ngarsanipun Allah SWT.
Keranten pancen dados tiyang Islam lho Pak?! Bu?! Ngaji niku wajib tumrap kito
sedoyo. Kanjeng Nabi dawoh :
طَلَبُ الْعَلْمِ فَرِيْضَةٌ عَلَى
كُلِّ مُسِلِمٍ وَمُسْلِمَةٍ (رواه ابن عبد البر)
Ingkang
artosipun :
“Bilih pados ilmu meniko
dipun fardhuaken tumrap saben-saben tiyang Islam jaler lan istri“
Soho kanti hadist meniko kito sampun jelas bilih
pados ilmu meniko merupakan proses ingkang serba terus tanpa wonten bates waktu
baik kapanpun, dimanapun dan dalam keadaan bagaimanapun. Dados senajan
tiyangnipun sampun tuwek, elek, ngrowek, untune entek, ora tedas peyek, meniko
tetep kewajiban pados ilmu.
Poro Rawuh ingkang kulo hormat !
Keranten tiyang niku menawi boten gadah ilmu
senajan toh ibadah sampek jungkir balik, utawi ibadah mempeng, tapi boten dipun
ilmuni meniko tiwas bal gedual.
وُ كُلُّ مَنْ بِغَيْرِ عِلْم يَعْمَلُ
اَعْمَالُهُ مَرْ دُوْ دَةٌ لاَ تُقْبَلُ
Tiyang niku menawi boten gadah ilmu, ngamalipun boten dipun
terimo dening Alloh. Mardudatun Laa tugbalu.
Pramilo
sangkeng meniko, monggo Poro Rawoh sedoyo terutama adik-adik lan generasi
Muda-mudi remaja Islam. Kito tingkataken anggen kito belajar. Supados benjang
angsal ilmu ingkang katah lan manfaat soho ilmu ingkang saget beto bahagia lan
wilujeng donyo lan akherat. Hal meniko cocok kalian dawohipun Alloh wonten
Al-Qur’an, Surat Al-Mujadalah ayat 11
يَرْفَعِ الله ُ الَّذِ يْنَ آمَنُوْا
مِنْكُمْ وَالَّذِ يْنَ أُوْتُوْا الْعِلْمَ دَرَجَاتٍ
Artosipun
:
“Allah bade ngangkat
derajatipun tiyang-tiyang ingkang beriman lan tiyang-tiyang ingkang nggadahi
ilmu dateng pinten-pinten derajat“
Tapi sa’wangsulipun menawi kito boten anggadahi
ilmu boten saget ngaji lan boten purun belajar lan boten sekolah, tengriyo
namung kluyur-kluyur jogrok klimprak-klimprik kados sarung goyor, niku nggih
boten patut, sampun ketinggalan jaman. Amargi, niki sampun jaman merdeka boten
kados jaman penjajah. Sa’niki sampun kathah sekolahan sampun kathah
tempat-tempat pendidikan. Pramilo monggo kito tingkataken anggen kito belajar,
pados ilmu pengetahuan ingkang kathah. Soho dumateng poro Bapak, Ibu sampun
ngantos ketinggalan, ojo sampek gadah putro sing lolak-lolok, boten purun
sekolah, boten purun ngaji, boten purun datang masjid, datang langgar, lan
sanes-sanesipun. Keranten lare niku menawi boten kenal pendidikan, nopo maleh
pendidikan Ilmu Agama. Niku nggeh nyusahaken tiyang sepuh nipun. Menawi
kentandang gaweh boten purun. Sa’bendino ngente’no sego, jaluki duwit, di
tuturi boten manut, karo Ibu nesu, karo bapak galak, karo Embah mbantah, karo
Kakang mbangkang, karo Paklek mendelik, karo Pakdhe gumedhe, karo dulur
ngladur, karo tonggo ora duwe dugho. Diajar nangis, kon minggat boten budal, di
guwak moleh bendino ngentekno sego, didhol ora payu Akheripun tiyang sepuhipun
namung susah, gelisah pikiran jibek napas sesek, dodo ampek, awak dredek,
kuping gemrebek weteng muneg-muneg, irung pilek, awak sak kujur rasane dredek,
bendino kur telek-telek mergo duwe anak ndablek kon mergawe ora untek menengahe
malah mbegegek lek ngeteniki tiyang sepuh susah menopo boten? Poro Bapak Poro
Ibu? Mulane monggo putro-putrine dipun didik ingkang saestu supados leres-leres
saget kados lare ingkang berguna bagi Agama, Bangsa lan Negoro, Soho ingkang
saget menjunjung tinggih Harkat lan Martabat tiyang sepuhipun kaleh. Ingkang
cocok dawohipun kanjeng Nabi
خَيْرُ النَّاسِ أَنْفَعُهُمْ لِلنَّآسِ
Artosipun
:
“Sa’bagus-baguse menongso
yoiku sing manfaat marang, menungso liyane“
Poro rawo ingkang kulo hormati !
Kintenipun cekap semanten atur kulo, kirang
langkungipun kulo nyuwun pangapunten.
و بالله التو فيق و الهداية
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
اَلْحَمْدُ ِللهِ رَبِّ الْعَا لَمِِيْنَ
اَلَّذِيْ هَدَا نَا إِلَى الرُّشْدِ الْمُبِيْن وَاَمَرَنَا بِالاِتِّحَادِ
وَاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ الْمَتِيْنَ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى
سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْنَ اَمَّا بعد. فقال
الله تعالى : وَاعْتَصِمُوْا بَحَبْلِ اللهِ جَمِيْعًا وَلاَ تَفَرَّقُوْا
Dumateng Poro Bapak Pinisepuh, soho Poro Bapak
Kiyai ingkang kulo mulya’aken. Poro konco-konco, Poro santri putra soho Putri
ingkang kulo hormati. Boten kesupen dumateng Adi-adik senasip lan sa’perjuangan
ingkang kulo sayangi.
Lewat suasana ingkang indah, cerah terang
benderang, pada kesempatan meniko, kintenipun boten wonteng kata-kata ingkang
manis, ingkang pantes kulo aturaken wonten permulaan atur kulo, kejawi
nglahiraken raos puji syukur, dateng Alloh SWT kanthi ucapan….
اَلْحَمْدُ ِللهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ
Ingkang kapingkalihipun Rohmat soho salam mugio
tetep dipun limpahaken dumateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW shohor
poro Ahli Keluarga lan sahabatipun.
Kaping tigonipun kulo aturaken matur nuwun dateng
sederek pembagi acara ingkang sampun paring wekdal dateng kulo kangge ngisi
wontenipun acara ing saat meniko. Mugi-mugi wekdal meniko mangke saget kulo
guna’aken ingkang sa’sahe-sahenipun.
Poro konco-konco santri ingkang kulo hormati !
Pada kesempatan niki, kulo saget merasa bangga lan
gembira kranten ing saat meniko kulo dipun takdiraken dening Allah saget
bertemu, berpadu lan bersatu kaliyan rekan-rekan santri ingkang giat lan gigih
dalam memperjuangkan syariat Islam Agama Alloh. Pramilo merupakan suatu hal engkang
sanget berharga shoho sanget penting menawi wonten kesempatan meniko kulo
mengajak dumateng konco-konco kangge ningkataken mutu semangat belajar lan
berjuang kanthi sungguh-sungguh lan sabar. Sampun ngantos putus sebelum
berhasil. Nopo malih tumrap kito sedoyo sebagai santri, isoho dadi santri sing
cocok kaleh sebutane santri. Ingkang maksudipun SAN niku Insan utawi menungso.
TRI, niku berarti Tigo. Dados Santri niku insan (manungso) ingkang kedah netepi
perkawis tigo.
Inggih
meniko No 1 : اَطِيْعُ اللهَ (To’at dumateng Alloh) No. II
اَطِيْعُ
الرَّ سُوْلَ (To’at dumateng Rosul) No. III اُوْلِى
اْلاَمْرِ (To’at dumateng Pemerintah).
Poro Rawuh ingkang kulo hormati !
Wonten sebagian Ulama ingkang njelasaken :
Bilih
santri meniko singkatan sangking gangsal kata inggih meniko :
SANTRI
:
SA
berarti sanggup
N
berarti nerusaken
T
berarti tuntunan
R
berarti Rosul
I
berarti Ilahi
Dados sebagai santri kedah sanggup nerusaken
tuntunan Rosul Ilahi. Shoho kedah berjuang lan anggadahi I’tiqod ingkang kiat,
tabah lan sabar dalam menghadapi sesuatu. Tak Mundur dalam bertempur. Tak cemas
karena panas. Tak heran karena hujan. Tak goyang karena gelombang. Tak gentar
halilintar. Tak muntir karena petir. Tak gopoh melawan musuh. Mendal karena
rayuan gombal. Hal meniko cocok kalian qoulipun Iman Ibnu Malik wonten kitab
Alfiyah ;
لاَ أَقْعُدُ الْجُبْنَ عَنِ
الْهَيْجَاءِ* وَلَوْ تَوَ لَتْ زُمَرُ اْلاَعْدَاءِ
Ingkang
artosipun :
“Aku ora bakal mandek wedi
sangking pertempuran senajan musuh berbondong-bondong melawan“
Kejawi sangking meniko pancen santri meniko ingkang
bertanggung jawab dateng maju munduripun utawi gesang lan matinipun umat
beragama wonten masa depan. Imam Gozali wonteb kitab ; عظّة النا شئين
njelasaken
إِنَّ فِى يَدِ كُمْ أَمْرَ اْلاُمَّةِ
* وَفِى إِقْدَا مِكُمْ حَيَا تَهَا
Ingkang
Artosipun :
“Sa’temene ono ing tangan siro
kabeh iku letak urusan umat yakni urip utowo matine lan ono ing derap langkah
siro iku maju lan mundure umat”
Poro rawuh ingkang kulo hormat !
Dados jelasipun menawi kito sebagai santri, boten
purun bertekat melingkis celana melangkahkan kaki, terjun wonten jam’iyah utawi
organisasi. Boten purun berjuang nyiaraken agami Islam, bererti kito meniko
nuduhaken kematian lan kemunduruan agami wonten ing masa depan. Tapi sak
wangsulipun menawi kito sedoyo sebagai santri utawi sebagai generasi muda-mudi
Islam purun belajar ilmu agami ingkang mempeng shoho purun berjuang terjun
wonten jam’iyah-jam’iyah, kados dene jam’iyah qiroah utawi jam’iyah dibaiyah
shoho jam’iyah seni hadroah shoho sanes-sanesipun, Insya Allah kehidupan agama
lan kemajuan agama wonten ing masa depan tetap cerah bersinar terang.
Pramilo sangking meniko monggo kito samiyo
ngatah-ngatahaken dongo nyuwun dateng Alloh, mugi-mugi Alloh ngasilaken
perjuangan kito sedoyo sehinggo saget tercapai lain terwujud cita-cita agama,
bangsa lan negara بَلْدَةٌ طَيِّبَةٌ وَرَبٌّ غَفُوْرٌ Negara
aman, damai, adil dan makmur penuh ampunan, lan ridlo Allah. Amin.
Cekap semanten atur kulo. Sedoyo kelepatan nyuwon
pangapunten ingkang kathah.
و بالله التو فيق و الهداية
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِيْ اَكْرَمَ
الْمُجَا هِدِيْنَ. وَاذَلَّ الْمُعْتَدِيْنَ وَأَفْهَمَنَا مِنْ عُلُوْمِ
الدِّيْنِ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى اَشْرَفِ الْمُرْسَلِيْنَ سَيِّدِنَا
مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَاَصْحَا بِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ اِلَى تَبِعَهُمْ
اِلَى يَوْ مِ الدِّيْنِ أَمَّا بَعْدُ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى فِى الْقُرْآنِ
الكَرِيْمِ أَعُوْ ذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمْنِ. اُدْعُ اِلَى
سَبِيْلِ رَبِّكَ بِالْحِكْمَةِ وَالْمَوْ عِظَةِ الْحَسَنَةِ وَجَادِلْهُمْ
بِالَّتِى هِيَ اَحْسَنُ. صد ق الله العظيم.
Hadrotul Mukarromin, poro Ulama’ul Amilin
khususipun poro Bapak kiyai ingkang kulo hormati.
Sahabat-sahabat, rekan-rekan, adik-adik senasib lan
sa’perjuangan ingkang kulo sayangi.
Langkung rumiyin kulo manjataken puji syukur dateng
Alloh SWT, Tuhan Semesta Alam, ingkang mucal menungso mawi Qolam tentang ilmu
ingkang dereng difaham, shoho Rohmat Allah lan salam mugiho dipun tetepaken
dateng Nabi Pejuang Islam. Nabi pemimpin Arab lan ajam ingkang beto umat
manusioa sangking masa ingkang hitam kelam, masa ingkang penuh sifat murka lan
kejam menuju masa damai, aman, tentram, ingkang penuh cahaya bagaikan sinar
bulan ing tengah malam, yakni saking masa jahiliyah menuju masa Islamiyah.
Poro Hadirin ingkang kulo hormati !
Menurut pandangan Islam, agama ingkang paling mulyo
minggahipun Alloh, inggih puniko agami Islam. Keranten Agami Islam, meniko bade
mejamin umat manusia menuju hidup bahagia lahir lan batin, shoho wilujeng
wonteng ing dunyo lan akhirat, selagi tiyang ingkang memeluk Agami Islam
kolowahu-boten menyimpang lan melanggar dateng garis-garis agami Islam, shoho
boten melanggar dateng ajaran Islam, tapi kangge mencapai lan ngasilaken
kebahagiaan, shoho kawilujengan lahir lan batin meniko boten saget dipun
wujudaken sambi turu utawi tenguk-tenguk kaliyan lingguh silo tumpang, meniko
boten saget wujud tanpa dipun tuntut kalian perjuangan ingkang sungguh-sungguh
Sedoyo kolo wahu boten berhasil nopo malih kangge mempertahankan shoho
melestarikan nilai kemulyaan Islam meniko. Kito kedah ringan tangan lan
bermurah hati, ngorbanaken jiwa raga, shoho harta benda demi kejayaan Islam, lan
kaum muslimin.
Firman Alloh wonten Al-Qur’an :
وَ جَا هِدُوْا بِأَمْوَا لِكُمْ
وَأَنْفُسِكُمْ فِى سَبِيْلِ الله
Ingkang
artosipun :
“Lan berjuango siro kabeh
klawan bondo siro lan awak siro ing dalem agamane Alloh“
Nopo
maleh memasuki abad modern saat meniko katah kebudayaan-kebudayaan asing
ingkang mlebet wonten negari kito Indonesia, ingkang bertentangan kalian agami
Islam. Terutami wonten kalangan muda-mudi, remaja, katah poro remaja ingkang
menggemari kebudayaan luar tapi boten dipun saring, cocok nopo boten kalian
ajaran agami Islam ? niki boten peduli.
Hal meniko menawi kito kurang waspada, utawi boten
kito cegah, soyo dangu bade merajalela, sehinggo saget ngalahaken kebudayaan
Islam piyambak akhiripun umat Islam piambak ingkang bade rugi.
Pramilo sangking meniko kulo anjuraken dateng poro
Jutawan, poro أَغْنَيَاء poro dermawan, sampun ngatos
bahil utawi kumed ngurbanaken harta benda kangge
Kepentingan
Agami kito. Kito sebagai generasi penerus pewaris sangking generasi ingkang
rumiyin sampun jerih payah mewarisi kito bangunan masjid-masjid, gedung-gedung
madrasah, langgar lan sanesipun, lan ugi kito ingkang ngraosaken utawi ingkang
nggunaaken bangunan-bangunan kolo wahu. Sa’meniko kito ugi kedah purun bangun,
utawi ndandosi bangunan kolo wahu, supados generasi ingkang bade datang ingkang
ngrahosaken jasa kita. Hal meniko cocok kaleh dawuhipun Al Hukama
لَقْدْ غَرَ سُوْا فَأ كَلْنَا
وَإِنَّنَا* لَنَغْرِسُ حَتَّى يَأْ كُلَ النَّاسُ بَعْدَ نَا
Ingkang
artosipun :
“Sa’temene wong-wong kang
dingin wis podho nandur jasa sehinggo kito sing mangan jasane lan sa’temene
kito ugo nandur sehinggo wongkang sa’wise kito (generasi mendatang) mangan jasa
kito“
Poro Rawuh ingkang kulo hormat !
Pramilo sangking meniko kangge ngasilake kejayaan
Islam dan kebahagiaan kaum muslimin monggo sanak famili, tonggo teparu, lan
masyarakat kito ajak menuju dateng dalan agamipun Alloh kanti bijaksana, nanti
pitutur ingkang sahe, lan tingkah laku ingkang ngremenaken, supados saget cocok
antara ucapan lan perbuatan. Hal meniko sesuai kalian dawohipun Allah :
أُدْعُ إَلَى سَبِيْلِ رَبِّكَ
بِالْحِكْمَةِ وَالْمَوْ عِظَةِ الْحَسَنَةِ وَجَا دِلْهُمْ بِالَّتِى هِيَ
أَحْسَنُ
Ingkang
Artosipun :
“Ngajako maring dalane
Pangeran iro kanti bijaksana lan pitutur kang bagus lan tukaro pendapat maring
Qoum kelawan toto coro kang bagus“
Poro Rawuh, pramilo monggo sepindah malih semangat
berjuang lan beramal selalu kito tingkataken sampun ngantos bosen utawi waleh,
sa’derengipun berhasil. Mugi-mugi Alloh SWT enggalo paring kesembadan dateng
usaha lan perjuangan kito sehinggo, tercapailah cita-cita kito, bahagia, lan
slamet wonten ing donyo lan akhirot Amin.
Cekap semanten atur kulo
و بالله التو فيق و الهداية
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِى عَلَى مَا
خَتَمْنَاهُ مِنَ الدِّرَاسَةِ. وَنَسْئَلُ نَفْعَهَا لِنُنْذِرَ بِهَا اَهْلَ
الْقَرْ يَةِ. وَنَدْ عُهُمْ إِلَلا سَبِيْلِ رَبِّنَا بِالْحِكْمَةِ.
وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ إِبْنِ عَبْدِ اللهِ,
وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَا بِهِ وَمَنْ وَالاَهْ وَعَلَى مَنْ أَقَا مَ هَذِهِ
الْمَدْرَسَةِ. وَمَنْ عَلَّمَ وَتَعَلَّمَ فِيْهَا لاِعْلاَءِ كَلِمَةِ اللهِ.
اَمَّا بَعْدُ
Hadratul mukarromin, poro Ulama’ul amilin poro
Bapak guru dan bu guru ingkang kulo taati, poro Bapak wali murid ingkang kulo
hormati, poro konco-konco sedoyo siswa-siswi madrasah……… ingkang kulo sayangi.
Poro hadirin sekalian ingkang kulo hormati.
Sa’derengipun kulo ngaturaken nopo ingkang dados
beban kawulo, langkung rumiyin kulo muji syukur dateng Alloh SWT ingkang sampun
paring Rohmat Nikmat dumateng kulo lan panjenengan sedoyo sehinggo kito sami
saged karoyo-royo, saget bertemu, berpadu lan bersatu wonten ing majelis puniko
kanthi keadaan ingkang sehat wal afiat.
Ingkang kaping kalehipun mugi-mugi tambahipun
Rahmat Ta’dzim Alloh tetep dipun limpahaken dateng junjungan kito Nabi Besar
Muhammad SAW, soho dumateng poro ahli keluarga lan sohabatipun.
Ingkang kaping tigonipun kulo ngaturaken matur
nuwun dumateng sederek pembagi acara ingkang sampun mempercayakan penuh
dumateng kawulo, sa’perlu nyampeaken sambutan atas nama wakil sedoyo
siswa-siswi, khususipun siswa-siswi kelas tiga tsanawiyah, ingkang sekedap
maleh bade ninggalaken bangku sekolah wonten ing Madrasah puniko.
Poro Rawuh ingkang kulo hormati !
Sesuai kalian fungsi sangking tugas kawulo inggih
puniko mewakili sangking sedoyo siswa-siswi khususipun siswa-siswi kelas tigo
Tsanawiyah wonten ing madrasah puniko. Wonteng ing mriki kawulo ngaturaken
matur nuwun ingkang sa’agungipun dumateng Poro Bapak Kyai, soho sedoyo dewan
Asyatid ingkang sampun jerih payah ngorbanaken jiwa raga, tenaga, lan fikiran.
Boten pandang wekdal, siang utawi dalu, panas utawi jawah sak perlu mendidik
soho membina dumateng kawulo sa’konco awit milahi mlebet wonten ing madrasah
mriki sehingga wekdal puniko saget dipun wastani Tamat tingkat tsanawiyah.
Wonten ing mriki kulo sa’konco, boten saget bales punopo-punopo atas jerih
payahipun, utawi jasa-jasanipun Poro Bapak Kyai, lan Bapak Guru, kejawi kulo
namung saget ngaturaken….
جَزَا كُمُ اللهُ أَحْسَنَ الْجَزَاء
كَثِيْرًا
Mugi-mugi Allah SWT ingkang bales jasa-jasa utawa
jerih payahipun Poro Bapak Kiyai, Bapak Guru lan Ibu Guru kanti balesa ingkang
sa’sahe-sahenipun, soho ingkang katah. Amien yaa Robbal Aalamien.
Poro Bapak poro Ibu soho Hadiri sedoyo,
selajengipun kulo sa’konco ngaturaken sedoyo kalepatan dumateng poro Bapak
Kiyai soho Bapak Guru wonten ing madrasah puniko, sebab kulo sa’konco sering
damel susah payahipun poro Bapak Kiyai soho poro Bapak Guru sami ugi wonten ing
sa’lebetipun Madrasah utwai wonteng ing jawinipun madrasah. Pramilo sepindah
kulo nyuwun dipun aliraken samudra kemaafan lahir lan batin.
Ingkang terakhir kulo nyuwun barokah do’a restu
dumateng Poro Bapak Kiyai soho Bapak Guru, mugi-mugiu sedoyo ilmu ingkang
sampun kulo pelajari sangking madrasah puniko, sageto manfaat maslahah lan
barokah saget manfaati lan barokahi dumateng pribadi kulo, masyarakat agami,
lan negari ingkang akhiripun saget dados lantaran kangge taqorrub dumateng
Alloh, soho ndadosaken sababiyahipun khusnul khotimah. Amieen.
Lan mugi-mugi sak sampunipun kito tamat sangking
tingkat tsanawiyah puniko sageto nerusaken dateng tingkat sa’terusipun sehinggo
saget hasil lan tercapai nopo ingkang kito cita-citaaken. Amien.
Kintenipun cekap semanten atur sangking kawulo awal
ngantos akhir sedoyo kelepatan kulo, kulo nyuwun agengipun pangapunten.
و بالله التو فيق و الهداية
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
Langganan:
Postingan (Atom)